Lihat ke Halaman Asli

Roro Asyu

#IndonesiaLebihLemu

Seksi

Diperbarui: 25 Juni 2015   00:36

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

13474078471383942487

[caption id="attachment_198529" align="aligncenter" width="520" caption="ilustrasi dijupuk saka kartunmania.com"][/caption]

"Melu ae Ti, murah kok. Ayo ta!"

"Gak iso, lha arek-arek yok opo ngko?"

"Lak onok bapake sih, dijak diluk lak iso. Paling suwi yo sak jam, iku ae wes kemringet."

"Arek-arek yo sik nyusu."

"Koen iki ancen angel dikandani kok. Yo gak popo masio sik nyusu."

"Gak oleh lek sename abot."

"Koen iki...lek aku sing penting seksi. Ngko lek bojomu ampek kecantol wedok liyo yo mbuh. Golek sing luwih seksi."

Paini ngaleh karo lambene sik komat-kamit. Narti nyawang tanggane iku ngganti metu saka omahe. Wis seminggu iki nang omahe Bu RT ono senam bareng. Senam sing dianakno seminggu ping telu iku rame dieloki wong-wong wedok enom lan tuwa. Ngunu uga Paini.

Wong wedok sing wis duwe anak loro iku, ora bedo adoh umure karo Narti, kaet wingi-wingi ngajaki Narti melu senam. Sing diajak dudu ora gelem, pingin sakjane, ning ora iso. Anake sik cilik-cilik, sik nyusu kabeh. Narti wedi lek melu senam ngko ganggu metune susu. Senam nang Bu RT jenise aerobik. Sak ngertine Narti senam oleh ae nggo wong nyusoni kaya dheweke ning sing ringan-ringan ae.

Jare Paini sih melu-melu ae, penting obah. Ora usah nganti mencolot-mencolot, penting melu kringeten. Narti sing kadang mangkel ndelok awake rasane yo kudu budal ning pisan maneh, bingung karo anak-anake. Ndemin 1 mesti melu, ora iso ditinggal. Ndemin 2 sing luwih cilik iso ae anteng melu bapake ning diluk-diluk goleki susune.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline