Lihat ke Halaman Asli

Roro Asyu

#IndonesiaLebihLemu

Sampeyan, Aku...Kukut!

Diperbarui: 26 Juni 2015   03:24

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

13115647751427160376

[caption id="attachment_121097" align="aligncenter" width="605" caption="ilustrasi nyilih nang ceritamu.com"][/caption]

Nardi kaet ae mlebu omah pas ndelok bojone, Mirah, metu soko kamar karo mlerak-mlerok. Opo maneh, batine Nardi. Gak pingin nambah pikirane sing ruwet mergo kerjoan, Nardi langsung nyandak piring, kate mangan.

Mirah   : Isuh dhisik kono lho, teko-teko langsung nyandak panganan!

Nardi   : Resik kok, selak luwe.

Mirah   : Lek diomongi lak mesti ngeyel. Lek loro weteng ojo sambat ngko.

Gak pingin bojone selot nyocot akhire Nardi ngalah, klunak-klunuk mlaku nang korahan. Mari ngisuhi tangane Nardi mbalik maneh nang mejo makan. Sik durung mbukak tutupe sego Nardi mandek, nyawang Mirah sing lungguh nang lincak gak adoh soko kursine. Bojone iku lagi umek karo klambi sing mari dientas soko jemuran. Raine ditekuk, kecut.

Nardi   : Oalah Mak, mbok yo pisan-pisan ojo asem ae sayure. Gak bosen ta?

Mirah   : Asem yok opo? Genah sayur lodeh ngunu lho. Disawang ta sing bener, dirasakno!

Nardi   : Lha rupamu koyok ngunu kui, opo gak maleh asem kabeh masakanmu. Pisan ae lek bojone mangan ki ditunggoni karo mesem, sumringah, gak mbetutut ae.

Mirah   : Halah, kakean cangkem. Kei blonjo sing akeh sik baru tak kei eseman, sak njalukmu!

Nardi   : Mrunu maneh mbaliki. Mbok dadi wong wedok iku sing akeh syukur. Sik duwe bojo sing nggolekno panganan. Omah masio elek yo sik iso dinggoni. Mangan masio biasa yo gak sampek utang-utang. Anak yo sehat-sehat. Sik kurang ta ngunu iku?

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline