Lihat ke Halaman Asli

Roro Asyu

#IndonesiaLebihLemu

Paimo Paimin Edisi Guru Filsafat

Diperbarui: 26 Juni 2015   05:26

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Wes telung dino iki howo nang Dukuh Penceng rodo aneh. Bengi sing biasane adem saiki maleh panas. Warga podo sambat sumuk lek bengi. Biasa turu sarungan, gawe jaket ditambah gombal-gombal nggo slimut saiki podo akeh sing uculan. Sing wedok mung jaritan. Sing lanang podo mung katokan thok. Arek-arek cilik umek, sebagian malah podo ndrenginging, nangis gak betah sumuk. Emak-emak ngomel, mangkel anake gak turu-turu. Bojone sing gak ngerti opo-opo melu diseneni, dikongkon ngipasi anake.

Sumini                     :  Nangis ae koyok garangan, ndang turu!

Nijo                          : Cumuk, Mak. Kipasi, kipasi sing bantel! *nangis karo sikile kroncalan*

Paijo                    : Yo, iki yo wes dikipasi. Bapak yo kesel, sumuk pisan. Ndang turu, ngko diparani asyu lek gak ndang turu.

Nijo                        : Gak wedi kalo asyu, bolo.

Sumini                  : Malah omong ae. Ndang merem. Emak selak ngantuk, sesuk kudu nang pasar isuk-isuk.

Nijo                        : *Nangis banter* Cumuk! Cumuk!

Paijo                      : Woo, lek sik nangis ae ben diambung Lik Tukirah. Gelem ta?

Nijo                        : Emoh! Gilo!

Paijo                      : Makane ndang turu.

Wedi lek bakal diambung Lik Tukirah, Nijo sing sik umur limang taun gak genep iku langsung merem. Gak let suwe areke turu. Paijo sik ngipasi anak lanange iku. Sumini sing wes kekeselen akhire yo keturon nang sandinge anake. Ngerti ngene ket mau ae tak omongno kate diambung Lik Tukirah, batine Paijo. Ndelok bojone turu, Paijo sing mau ngantuk maleh ombo matane. Nijo sing turu nang tengah diangkat alon-alon trus diingerno. Kroso onok sing gremet-gremet Sumini langsung tangi.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline