Lihat ke Halaman Asli

Roro Asyu

#IndonesiaLebihLemu

Paimo Paimin Edisi Pasar Legi

Diperbarui: 26 Juni 2015   06:54

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Roro Ayu sing akhire oleh mlaku-mlaku nang Dukuh Penceng karo papahe, Dukun Broto, maleh kecanduan. Saiki, meh saben dino de'e mudun. Kadang dolenan banyu nang kali, kadang mlaku-mlaku nang sawah, ndeloki wong sing lagi tandur. Dukun Broto bukane gak cemas lek anake pamit kate dolen tapi ben Roro Ayu ngrayu, jaluk diolehi dolen, dukun sakti iku gak iso nolak. Isuk iki Roro Ayu wes siap kate mlaku-mlaku maneh. Mari sarapan didulang papahe de'e siap-siap budal. Bekale yo wes dicepakno. Gak oleh ketinggalan, berang gede sing didadekno syarat ko papahe lek de'e dolen wes nang tangane.

Bosen mung nang kali karo sawah, isuk iki Roro Ayu pingin ndelok Pasar Dukuh Penceng. Kebeneran dino iki Rebo Legi, wayahe pasaran. Bakul-bakul wes podo umek karo dagangane plus ngedoli wong-wong sing tuku. Onok sing bengak-bengok nawakno dagangan. Wedi wong-wong ngko podo kaget lek ndelok berange, gaman cekelane papahe iku dibungkus kain ireng sing wes disiapno.

Bakul Kain      : Daster murah, daster murah! Ayo...ayo, bonus kantong siji!

Wong Tuku     : Piro iki Lik?

Bakul Kain      : Murah Ning, sepuluh ewu ae. Ayo dipilih.

Wong Tuku     : Larangmen, sepuluh ewu telu yo? Kaine tipis ngene lho.

Bakul Kain      : Durung oleh. Justru tipis ngene ki sing akeh digoleki, isis. Pas sepuluh ewu siji, ngko oleh bonus kantong.

Wong Tuku     : Kantong opo?

Bakul Kain      : Kantong, sak, nggo wadah duit.

Wong Tuku     : Mbelgedes! Sepuluh ewu telu lek oleh, dasterku wes podo suwek kabeh.

Bakul Kain      : Ojo ta, durung oleh bathi lek semono. Sepuluh ewu loro wes. Iki kaine sip, Ning. Cocok nggo arek ayu koyok awakmu.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline