Lihat ke Halaman Asli

Roro Asyu

#IndonesiaLebihLemu

Paimo Paimin Edisi Carolina Loro

Diperbarui: 26 Juni 2015   07:45

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Kedadean kapanane pas Maman sing lagi ngipi nyipok gurune nang pinggir kali garai wedhuse, Carolina, loro. Cangkeme sing biasane ndomble, selot nemen majune alias mrongos jaya. Untune ngarep uglak-uglik kate coplok mergo Maman gak kiro-kiro nyipoke. Ben kate mangan ramban, kadang yo sego polahe Carolina iki kerep dimanja karo Maman, de'e mesti kelaran. Sing biasane ngunyah mesti ping telung puluh telu saiki mung ping telu trus langsung dielek. Jelas iku gak apik nggo pencernaane Carolina. Saiki wetenge maleh kerep loro, mules.

Gak cuman loro awak, wedhus wedok iku yo loro ati. Yok opo gak loro ati, Carolina sing sik suci, durung tau dicipok wedhus lanangan gak iso ngelak pas cangkeme disosor Maman. Carolina sing masio sempat duwe roso nang Maman saking cedeke arek loro iku (arek karo wedhus iku maksude) gak kepikiran lek bakal kelangan cipokan pertamane. Selama iki ben nglamun de'e sering mbayangno yayang-yayangan karo wedhus lanang tonggo sebelah sing rodok manis. Goro-goro kedadean wingi kabeh bayangan romantise langsung rusak, ajur.

Loro awak ditambah loro ati sing durung oleh obate iku akhire garai awake Carolina kuru. Awake sing biasane semok, seger, maleh cungkring. Matane (red: dudu matamu lho yo, gak misuh iki) sing biasane cemlorot, ngalah-ngalahi matane maling sing lagi ngincer jemuran, maleh redup, gak semangat. Sediluk-diluk de'e watuk-watuk. Engrik-egrikenlah pokoke. Lek wes ngrasakno loro ngunu iku biasane Carolina mung iso mbrebes, ngelingi nasibe. Maman karo emake bukane gak ngerti lek Carolina loro tapi wong loro iku gak ngerti kate lapo. Nang Dukuh Penceng durung ono mantri kewan. Onok sih dukun tapi iku pun dukun menungso, dukun bayi karo dukun pijet. Onok sing rodo sakti tapi dukun santet karo dukun pelet, lak gak nyambung a.

Isuk iki Maman wes nyiapno sego karo lawuh tempe goreng setengah mateng senengane Carolina. Arek joko iku rumongso gak enak ati, bersalah ngunu lah, wes gawe wedhuse soro. Gak mung nyiapno sarapane Carolina, Maman yo wes nyiapno omben, susu tajin sing sik anget. Emake wes budal nang sawah. Rondo iku masio melu bingung goro-goro lorone Carolina tapi sik luweh bingung maneh ngadepi tonggo-tonggone. Isin jelase, polahe berita Maman nyipok wedhuse wes nyebar nang warga sak Dukuh, kabeh wong ngerti. Rasane koyok disuwek-suwek raine ben ditakoni karo tonggo-tonggone.

Maman            : Carol, maem yuk. Ki wes mateng segone (Mesam-mesem karo mamerno segone nang Carolina)

Carolina           : (Mlengos)

Maman            : Ngko lek gak gelem maem luwe lho, loro wetengmu. Delok iki, onok tempe setengah mateng karo susu tajin senenganmu. Onok sambel bawange sisan, sip pokoke (tetep brusaha ngrayu)

Carolina           : (Ngaleh, ngedoh ko Maman. Matane mlerok nang Maman. Lek coro menungsone ngunu buang muka, gak sudi ndelok raine Maman)

Maman            : (Bingung kudu yok opo maneh, piring karo gelase diselehno cedek Carolina trus doprok nang ngarepe) Sepurane Rol, aku gak sengojo wingi iku, sumpah! Mosok aku tego kurang ajar nang awakmu. Awake dewe iku wes koyok sedulur, gak mungkin aku macem-macem nang awakmu.

Carolina           : (Sik meneng ae. Mung matane mulai panas)

Maman            :  Kon ngerti dewe aku seneng Bu Rianti. Selawase urip durung tau aku ketemu wong wedok seayu dan seapik Bu Rianti. Areke yo pinter sisan. Emak wes tuwek Rol, wes wayahe duwe mantu sing iso masakno, ngewangi resik-resik omah (Raine maleh melas, nelongso kelingan Rianti)

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline