Lihat ke Halaman Asli

Roro Asyu

#IndonesiaLebihLemu

Lara

Diperbarui: 24 Juni 2015   01:41

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Jenenge arek cilik, senengane dolanan. Opo ae, ora peduli apik opo elek, reget opo resik. Ngunu uga Tomin. Arek lanang umur patang taun iku paling pinter lek dolanan. Dolanan saka lek nukokno emak bapake, yo dolanan lek gawe dhewe. Mari dolanan kadang ngunu lek ora eruh emake langsung ngemplok panganan. Tangan mari ndemok opo-opo ora diisuhi dhisik, langsung nyandak opo sing ono nang duwur meja makan. Pisan pindo ora masalah, lha ndilalah wingi iku kok pas apese. Awake panas, watuk pilek ditambahi mencret. Komplit wis.

"Maem ya? Sithik ae," Wiji ngrayu anake.

"Emoh huhuhu..." saure Tomin karo ndrenginging.

"Lemes ngko, gurung maem blas kaet isuk."

"Emoh maem! Huhuhu..."

"Yo wis mik susu ae, ya?"

"Emoh, emoh kabeh!"

Wiji mrengut. Tomin sing ora penak awake nangis ae ora gelem meneng. Diluk-diluk watuk, trus umbelen. Wiji wis nggowo Tomin nang puskesmas karo bojone. Wis dikei obat masio ngombeknone kudu gelut dhisik mergo anake ora gelem. Lambe pait garai arek lanang iku ora gelem mangan opo-opo. Gelemo njaluk malah es, jelase ora oleh.

"Maem sik, iki satene enak. Pak'e tuku nang sanding stasiun, sing enak kae," Diman melu ngrayu anake.

Tomin gedheg-gedheg.

"Gendongen sik, pak, kemeng pundakku," omonge Wiji.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline