Lihat ke Halaman Asli

Roro Asyu

#IndonesiaLebihLemu

Turu Njaba

Diperbarui: 20 Juni 2015   03:30

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Jenenge wong omah-omah wis biasa lek kadang bengkerengan. Sebabe ora mesti sing abot-abot. Kerepe malah saka sing sepele. Ngunu uga nang keluargane Wiji karo Diman. Duwe anak siji lanang sing lagek lucu-lucune mulane iso ngge hiburan bapak emake. Ning arek kaet iso mlaku pingine yo mubeng ae, garai emake sing ngemong gempor.

"Pak, cekeli ki anakmu. Kumbahane sik akeh kae," omonge Wiji nang bojone sing kaet mari mangan.

"Yo kunu jarno ae lak dolenan dewe areke," saure Diman.

"Jarno yok opo? Lak sembarang-mbarang dicekeli iku ngko."

"Yo gak popo tho, dicekel anake dewe ae gak oleh," Diman sik nyauri.

"Iyo lek dicekel thok. Wong karo anakmu trus diemplok, lek gak diguwak ngunu kok. Lek ngemplok gelas trus yok opo?"

"Malah apik,iso melu jaranan suk."

Wiji menteleng. Tomin cilik sik ae mlaku ngubengi omah karo nyekeli opo sing nang cedeke.

"Gek ndang kok. Cek ndang mari kumbahane, ndang leren. Aku yo selak kesel."

Karo krembak-krembuk Diman nyedeki anake. Digendong arek lanang sing pipine sak bakpao iku. Tomin kroncalan, ora gelem digendong. Arek cilik iku sik pingin dolanan.

"Keloni ya?" omonge Diman karo nggawa anake nang kamar.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline