Lihat ke Halaman Asli

Roro Asyu

#IndonesiaLebihLemu

Sabar

Diperbarui: 18 Juni 2015   00:14

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Ora mung seneng masak karo macak, Wiji saiki ora kaya wingi pas durung meteng. Wong wedok sing biasane kaya garangan iku saiki meneng, anteng. Anake lanang siji-sijine, Fernando Tomin, ora tau dibengoki. Masio ora gelem dicedeki bojone ning Wiji yo ora ngabrukan maneh. Wiji saiki sabar.

"Hak!"

Tomin mangap. Isuk iki arek cilik iku njaluk didulang emake. Selot ngalem saiki nang emake, mumpung yo dituruti.

"Ngko mulih sekolah nontok iwak yo, Mak?"

"Yo nontoko, garek ndok mburi omah ae."

"Guduk iwake pak'e, elek kae. Kolame Benny anyar, onok air mancure."

"Yo ngko mampir."

Tomin mesem, seneng. Diman sing lagek klamben nyawang anake, iri. Disawang bapake, Tomin langsung nyebek. Dudu ora seneng ndelok anak bojone akur, ning rasane aneh ae ngge Diman. Saiki lek mlaku mlebu omah rasane kudu jinjit ae cek ora ono suwarane.

"Bareng Pak'e gak?"

"Gak, aku mlaku karo Mak'e."

"Yo wes, tak tinggal."

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline