Lihat ke Halaman Asli

Ragile (Agil)

seorang ayah yang kutu buku dan pecinta damai antar ras, agama, dan keyakinan

Jambule Syahrini Kayak Buntut Ayam, Yah! (Humor Tegal)

Diperbarui: 25 Juni 2015   22:10

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Bar sing Jakarta terus David Beckham merad maring Australia mesih bae bocah2 pada dopok soal jambul Syahrini. Soale rame pisan gara2ne sih, biasalah, arane gen sinden wis pegaweane kudu pinter narik perhatian. Apa bae sing dianggo lan tingkahe ana bae sing gatel komentar. Termasuke inyong. Melu2 komentar ben katone pinter, mbuh bangkanane sing pokoke aja nganti ketinggalan. Aja kapiran! Hehehe.


Nah ceritane awan2 nang warung pirang2 wong lagi pade mangan lan medang. Pirang2 rupa mahluk ana kabeh. Yakin gelem busung kyeh... Ning ora salah: Ana pedagang. Ana bocah sekolah. Ana tukang becak. Ana kucing melu nongkrong ngisor longan meja. Ana asu melu menterong sing kadohan. Ana curut pecicilan. Ana tukang ngemis sliwar sliweran.


Yakin gelem busung kyeh, ning ora salah kaya kiye.... Ning salah ya aja dugal ya arane gen guyonan oooh....


Mbuh priben ceritane weruh2 anjoge pada dopok soal Syahrini. Jare tah Jambul Khatulistiwa nang ndase Syahrini gawe geger dunia model. Ck ck ck hebat nemen yah pada gumun? Gumun apane sih? Wis kyeh rongokna dhewek bokan ora ngandel. Komentar soal Jambule Syahrini:


Jare tukang becak, "Ari tak deleng2 tah mung jambul kayak buntut ayam, mung laka tembeleke. Hahahaha..."


Jare bocah sekolah lanang, "Kereeen... Syahrini ana mirip2e karo inyong duwe tarok. Jambule kayak ayam lagi angrem tapi endoge ana loro gede2 ana nang ngisor, wakwakwak..." *(tarok=pacar)*


Jare pedagang, "Lah, jambule Syahrini ora apik. Luwih apik jambule kethek sing nang umahe inyong! Whuahahaha...."


Weruh? Ganing ana2 bae yah cangkeme wong ari wis ngoceh sakarepe dhewek. Asemmm! Pancen enak sih dopok sing luged nganti cekakakan. Nganti kepentut pentut. HIBURAAAAN... Yah, tinimbang ndase mumet mikiri sing seret2, sing sepet2, lan sing pered2. Sebab raine Syahrini pancen gawe gatel, saking abang nemen lambene Syahrini kayak jambu monyet!

***


humor by Ragile




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline