Lihat ke Halaman Asli

Jare Bupatine, Brebes Kudu Resik

Diperbarui: 14 September 2021   22:50

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Dokpri

Dina Kebersihan Dunia utawi basa inggrise World Cleanup Day 2021 dirayakan mau esuk, kegiatan perayaan mau esuk ditekani saking bupati brebes kali suamine lan kepala OPD utawi sing makili, ana kegiatan kuwi kerjasamane pihak Dinas Lingkungan Hidup Brebes karo Pemerintah Desa Rengaspendawa lan BUMDes Pandawa Jaya, kegiatan iku wes diatur di rencanakna tanggal 20 september 2021 nanging di majukna dina mau pas tanggal pat belas september, 

Acara mau esuk, pertama di adakna apel esuk, pertama sambutan bapak kades rengaspendawa sing arane Bapak Sumardi, nah saat sambutan pa kades ngomong yen maturaken sembah nuwun bupati lan suamine lan uga peserta liyane pada teka nang acara dina kebersihan sedunia sing diadaknan nang TPS BUMDes Pandawa jaya, saat kiye BUMDes di wei tanah go nglola sampah sekitar 1 hektar ben dikelola bener-bener, 

lan alhamdulilahe wes maksimal nemen anane proses pengolahan sampah sampah anane umah magot sing pakane sampah organik asale sing sayuran utawa buah-buahan, nah alhamdulilahe maning anane lokasi TPS 3R kue perek karo unit anyar BUMDes Rengaspendawa yaiku Eduagrowisata, direncanakna anane TPS kue bersebelahan ben wisatawan lokal maupun nasional bisa belajar pengolahan sampah kro ilang-ileng nang agro, dadine arane sekalian edukasi utawa go pengetahuan wisatawan sing teka mene.

sawise kades rengaspendawa sambutan, akhire giliran kepala Dinas Lingkungan Hidup sambutan, jarene sampah saiki meningkat padahal nang masa masa pageblug covid-19 makane kegiatan kiye bisa jadikna simbolis semangat masyarakat umum utawa desa-desa sing ana pengelolaan sampah terus memacu temenanan ben sampah sing ana benar-benar bisa dikelola sing bener lan baik, anane sing wes jalan kue salah sijine nang BUMDes Rengaspendawa, acara kuwi bisa kolaborasi antara pihak pemerintah lan pemerintah desa bisa nyuksesna acara dina keebrsihan sedunia.

lan acara selanjute Bupati Brebes ibu Idza Priyanti, ngomong saat sambutan brebes duwe slogan urusan sampah arane brebes kudu resik, nah saniki anane Dana Desa bisa go ngalokasikna urusan sampah, termasuk ben sampah nang tiap desa bisa bener-bener resik kabeh lan asri, anane kegiatan arane world cleand up day kue udu go acara saiki tok, 

pengine lan kudu bareng bareng kudu ngurusi sampah dadine bisa terus terusan nyuksesna kegiatan sing anane masalah sampah kue, bar sambutan bupatine nrima sing tamu undangan weikna sampah plastik utawa kardus hasil pilahe warga lan di tukar karo bibit pohon, bibite bisa di gawa balik ben di tandur nang sekitar umahe dadine nambah asri, anane penukaran sampah kue pada sumringah, hasile pilah warga bisa jadi sing manfaat, nah sawise penukaran sampah non organike terus niliki nang budidaya magot, 

proses anane umah budidaya magot kue hasil ngluruh sampah organike go pakan magot, dadine sampah organik entek, nah bar kue niliki prosese milah sampah antara organik kro non organik, lan bupati nyoba deewek milah lan weruh prosese alat misah sampah, bar kue nang mesin insiniator ngileng maning proses mbakar sampah, lan selanjute proses tanam pohon simbolis nang agrowisatane bumdes pandawa jaya, nah awal mau tak critkna agro kue di canangna ben dadi desa wisata buah, dadine bener-bener bisa di garap nang tanah milik desa sa luase rolas hektar, bar nandur pohon sing terakhir nabur benih iwak nang kali gawean nang lingkungane agro bareng-bareng bupatine kro OPD sing mangkat lan harapane ngko gede bisa dimanfaatna sebaik mungkin. 




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline