Lihat ke Halaman Asli

Kidung Alam

Diperbarui: 21 April 2016   18:21

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

[caption caption="puisi bahasa jawa oleh R Adin Fadzkurrahman."][/caption]
Wayah surupe srengenge, langit katon padang jimbrang.....
Mega katon ngawe awe lir abange kembang.....
Sun angaca ngaca soko toyaning blumbang......
Lan nyawang tumekane lintang.....

Duh lintang dak nteni tumekamu.....
Kang guyur panase kalbu.....
Naliko candra wus dudu tengere tumekane wahyu....
Lan bagaskoro wus dudu tetenger padange kalbu.....

Alam wus goyah.....
Tatanan wus congkrah.....
Adat wus owah.....
Gegarane manungso saya jumawah.....

Alam wus ngungkit.....
Wayah tatanan bangkit.....
Lan manungsa wayah ngrakit.....
Rerakit sing bisa agawe mlakune rakit.....

Kabeh wayah sadar.....
Meleke mata wayah pudar.....
Kidung wus kawedar.....
Supaya rasane ilat naliko mangan nora getar.....

Kabeh ana ing tangane manungso.....
Yen gelem njogo......
Insyaallah bahagyo.....
Yen gelem ngupoyo......
Insyaallah uripe mulyo......

Ananging elingo.....
Sopo sing gawe angkoro......
Mengkone bakal murco......
Lan ugo tilar dunyo......

Iki kidung kasusun kalian kulo kang cubluk nora ngerti ukoro......
Ananging kulo tata supoyo kepenak diwoco najan tanpo sworo.....
Supoyo kabeh manungso mbukak moto.....
Lan naliko bali marang gusti insyaallah baline wis mulyo tanpo reregedan dunyo.

Kadipaten kendal,21 april 2016.
Ingkang nulis :  R . Adin Fadzkurrahman.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline