Jaman edan. Ah aja ngawur, apa iya ana jaman edan? Sing bisa edan kui rak sing dhuwe pikiran. Merga pikirane slewah mula kinangaran edan. Dadi nek jaman edan kuwi genah ora ana. Umpama ana ya mung sanepan. Sing ana kui ya manungsane sing edan. Nek wong edan kui pancen saiki tambah akeh. Turut dalan tambah asring dipethuki. Mbokmenawa saking panase bumi utawa saking abote sangganing urip. Dadine akeh uteg kang sumeng. Puteg.
Nek wong edan wewujude pancen sok nggilani. Mulane akeh sing wedi. Luwung sumingkir yen weruh blegere wong slewah pikire. Nanging sejatine sing mbebayani kui malah sing waras. Waras ning ngedani! Ethok-ethok edan. Wong sing mangkono kui sejatine ngerti ning api-api ora ngerti. Ethok-ethok ra ngerti yen tumindhake ngisin-isini. Nambuhi yen pakaryane ngrugeke liyan. Mbebayani tumrap sapepadhane.
Yen wong edan cukup dikurung ra bakal mbebayani. Nanging yen wong ngedan, dukurungana ucul ditalenana mrucut. Awit sing asline uteg e isih jejeg mung tindhak tandhuke sing slewah.
Lha terus kepiye carane mbrastha manungsa sing kaya kui? Ya ra bisa wong pancen wis jamane. Wis tekan wancine. Ya kaya ngendhikane sang pujangga winasis "jaman edan yen ra ngedan ra keduman". Ning ya kudu diwaca bacute "sakbeja-bejane wong lali isih luwih beja wong kang eling lan waspada". Mula saiki bisane ya mung tansah paring pangeling tumrap diri pribadi. Ben ora katut ngedan apamaneh edan tenan. Lha sing pilih ngedan? Ya wis ben. Jarke bae. Mengko rak edan dhewe. Horotoyoh!
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H