Lihat ke Halaman Asli

bahrul ulum

TERVERIFIKASI

Kompasianer Brebes Community (KBC) - Jawa Tengah

Prepegan Tandane Bada Wis Parek

Diperbarui: 30 Mei 2019   12:01

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Doc nu.or.id

Edisi nulis bahasa lokal Brebesan, bab prepegan. Nok, sampayen ora melu prepegan, mana mangkat esuk-esuk ben ora kentokan barang, mumpung dodolane nesih komplit, aja klalen tuku janur, ayam sayur sa gluntung, bumbune sing komplit, karo sisan tuku pandan karo melati, soale arep digawa nang makam simbah. 

Kiye duwite mana sag seg mangkat, mbokat pan tuku buah karo sayuran liyane ya sisan, soale delat maning regane pada mundak kabeh, soale truk ya wis ora olih lewat, terus arus mudik ya lumayan seseg.

Si nok, akhire mangkat karena olih prentah saking mamane, inggih mah, si nok langsung mangkat, terus salaman karo mamane, karo gawa ponakan ke pasar sing paling parek. 

Ceg, jukut pit, mergone esuk-esuk dadi nesih rada akas, cukup 15 menit, sinok anjog pasar, pit di parkir bayar seribu, mas titip pit gih, dijawab nok, kuwe pite ora usah di kunci yah...dijawab sinok gih om.

Ponakan karo sinok keliling pasar, lirak lirik dagangan sing ana nang pinggir dalan, nglirik dodolan janur, kang..janure regane pira...tukang janur..sing endi nok...sing niki kang...oh yen kuwe sa bengket mung sepuluh ewu, olih kurang kang, tutur si nok e...dijawab ya wis karo bocah sing ayu tak kurangi rong ewu, ya wis kang, sah...lalu janur dibengket dan dikasihkan sama si nok...

Lagi mlaku sadelat, ponakan takon, lik, janur sih go apa, olih dipangan, is..janur dipangan, kiye janur go wadah beras go gawe kupat ya bisa go gawe lepet, mengko dadine kupat sayur go pas wayahe bada dadine ora cepet mambu. 

Mergane durung olih iwak karo ayam sa gluntung, si nok mlaku maning golet ayam broller, luruh ayam sing nesig urip, terus ditimbang, terus di gorok, dicabut kulite karo isine dikumbah ben resik. Mas ayam kae regane pira, ujar sinok takon karo wong sing dodol ayam, ditimbang dhisit ya nok, pirang kilo, eh iya wis mas. Delos kuwe ana pirang kilo, lalu ayam di jukut lalu ditimbang, sakilo setengah nok, gorok karo cabut sampai rampung sinok bayar seket ewu, sinok takon maning, daning larang mas, iya oh nok, kiye wong wulan prepegan, apa-apa pada mundak, termasuk regane daging. Sida no ayame di gorok, jawab si mas pemilik ayam potong, si nok lalu jawab gih pun mas, niki artone, gorok karo maca bismillah terus diresiki sing resik. Siap nok. 

Sawise olih ayam sa gluntung, ponakanne takon maning, lik daning manu um e ora maca bismillah, kayane mung umis-umis, kuwe ayame pimen, melasi oh, dilebokna alat terus puter-puter, terus dicabuti wulune..lah kuwe ususe daning ora dilebokna plastik lik. Sinok ditakoni ponakan, terus jawab, ayam yen wis mati ya ora papa dicabuti wulune, mau om e kuwe komat kamit maca bismillah, terus bisane dicabuti eben resik. Yen usus dijaluk karo om e ya wis ora papa di ikhlasna. Ponakan mung mantuk-mantuk. 

Sawise belanja wis komplit, sinok karo ponakan langsung jukut pit, terus balik ke rumah, ponakan akhire ngerti yen belanja nang pasar ya mesti suwe, tapi olih ilmu akeh terutama bab tuku tinuku. 

Jare wong jawa arane prepegan kuwe dina pasaran sing terakhir sebelum bada idhul fitri, asal muasale arane mrepeg sing artine kata sifat sing maknani suatu keadaan. Mergo prepegan apik go wong dagang lan meningkatkan ekonomi warga, mergone prepegan tak lapuk oleh zaman, tetap langgeng dan dados umume adat sing ora bisa ilang. 

yuh prepegan......




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline