Lihat ke Halaman Asli

Nostalgia Sepatu Marmut (Model basa Jawa)

Diperbarui: 25 Juni 2015   20:13

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Pendidikan. Sumber ilustrasi: PEXELS/McElspeth

Jaman cilikanku aku nate ditumbaske sepatu kanggo perlu sekolah, nanging gandeng uwong tuaku ora duwe duwet luwih mula aku mung ditumbaske sepatu mermut. jan jane yo isin  wong kanca-kancaku liyane do nganggo sepatu apik kok aku mung nganggo sepatu mermut. Aku kelingan wektu kui regane namung Rp.3000,- utawa telung ewu rupiah sepasang. Isinku ki ora merga regane sing mung telung ewu, tapi buentuke sing jan lugu pol kui sing marai isin (jenenge wae bocah.. yo dimaklumi.. hehehe). Saben weruh kancaku nganggo sepatu apik aku meri, tapi bareng ngeling-eling wong tuaku kuate mung numbaske kui yo meh piye meneh? Aku nganggo sepatu marmut kui ora ngijeni alias ora dewekan. Ono bocah liyo sing uga nganggo sepatu marmut koyo aku.. yo kui adiku... hehehe.

Protes. aku wes tau protes merga sepatu marmut kui karo ibuku. nopo karo ibuku? mergane sing duwe ide numbaske model kui yo ibuku.. lha pas protes yo jawabe penak kae.. "ojo salah.. sepatu kui awet (pancen sih), tur meneh nek delok polahmu karo leh mu mlaku seko omah tekan sekolah lak yo ora cepet rusak" lha kui ngendikane ibuku.. ijih ditambah meneh "Mending tak tukokne sing murah, mengko yen rusak lak yo ora larang tuku meneh.. kancamu duwe sepatu rega seket ewu mung entuk sepasang, lha kowe ping no dewe.."

jenenge cah cilik lak yo onone ngeyel karo ngotot. nanging arep ngeyel model piye yo tetep wae kalah.. hehehe.

Saben esuk aku mangkat sekolah kiwa nuntun adiku tengen nyangklong kranjang blanjan wektu kui bentuke kotak bolonge gedhi-gedhi isi bakmi, gorengan lan panganan liyane perlune dititipake ning wong bakul ning sekolahanku. Nek entuk nggrundel mungkin meh nyebut.. Nasib... nasib. wes go sepatu mermut we isin, ditambah kranjang. nah jarak omah karo sekolahanku wektu semono kurang luwih 2km. bisane mlaku merga ora ono sepeda tur nyamari nyabrang dalan gede semarang-solo. Nyawang kahanan ngono ibuku ngendika "Sesuk tak tukokne sepatu sing dudu marmut" lha opo bu kui?? "TRUWELU".

ora njur gembeng dadi bocah ngeyelan tapi nek kadang pas isin yo isin.. nanging yo ora suwe mesti wes keslimur, lali. Nganti tau tak tulis ning buku tulisku "AKU PENGIN SEPATU SING DUDU MARMUT".

Pas kui awan-awan aku mulih sekolah yo koyo adate nuntun adiku karo nyangklong kranjang awan-awan kepanasan, ibuku leh methuk rada telat.. aku sengaja mlaku tak seret-seret gen sepatuku gek ndang trepes trus ditumbaske. aku mlaku tak sambi guyon karo adiku kareben ora kesel mergane adoh. Aku weruh wong (nyuwun sewu amit-amit) sing ora bisa mlaku amargo sikilie ono cacat, sikile apus ora gede koyo wong normal, mlaku nganggo tangane kanggo jangkah banjur awake diseret.. kui mlaku ning dalan aspal panas. Aku karo adiku mung bisa nyapa "monggo pak.." mergane kui didikane bapak lan ibuku,, saben ketemu uwong yo ngruruhi.. Lha bapak kui mau mesem karo nyauri.. "Iyo.. ati-ati yo nang.. nduk.. Sekolah sing pinter.. :)"

ucul seko bapak kui mau aku langsung nyawang sepatu marmutku, sak nalika uga aku mlaku tanpa tak seret. Jebul nasibku ijih luwih untung ketimbang bapak kui mau. Aku diparingi raga komplit tanpa cacat, bisa nganggo sepatu kaya adate kanca-kancaku sing bisa nglemeki sepatuku seko aspal panas, krikil lincip ugo mbelek pitik..

Salam Kompasiana




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline