Ono ing sajroning urip bebrayan, kabeh menungso wis sak lumrahe tansah ngupoyo kabecikan lan kautaman kang sak kelangkung luhur. Awit manungso wis didhawuhi dening Gusti Allah supaya dadi khalifah, kang ngugemi sifat-sifat kautaman lan kamulyan, supoyo biso ngarahake alam donya nuju ing sifat-sifat utomo.
Kanthi sifat kang utomo, urip bebrayan kabeh dadi sarwo endah lan nyengsemake manah. Kang koyo ngene iki ugo jumbuh karo kebutuhane dakwah.
Ing sak jeroning dakwah, ugo kudu dilambari kanthi sifat-sifat utomo, awit iku kang dadi tulodho tumraping wong liyo. Begjane dadi wong Jowo, wis akeh tulodho lan pitutur kang jumbuh karo dhawuhing Pangeran ono ing kitab suci Al Qur'an lan pituduhe kanjeng Nabi Muhammad saw.
Mulo akeh kang ngelingake kito sedoyo, dadi wong Jowo ojo nganti ilang Jawane. Amargo akeh pitutur luhur kang saestu iso dadi pepenget ing sajroning bebrayan dakwah.
Pitutur Luhur Ing Serat Wulangreh
Salah sawijine peninggalan leluhur ing tanah Jowo yoiku Serat Wulangreh kang disusun dening Kanjeng Gusti Paku Buwana IV, kang ugo kasebat Sunan Bagus. Pupuh kaping telu ing sajroning Kitab Serat Wulangreh iku kebak pitutur luhur kang wis dadi pituduh laku utomo, awujud Sekar Gambuh. Poro pinisepuh lan sesepuh ing tanah Jowo wus ndadekake pitutur Serat Wulangreh iku dadi kapribaden kang adi luhung.
Mulo ayo podho bebarengan sinau lan tansah eling pituture Sunan Bagus. Mugo kito sedoyo dadi manungso kang biso rumongso, dudu manungso kang rumongso biso.
Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang kidang adigung pan esthi, adiguna ula iku, telu pisan mati sampyuh.
Si kidang ambegipun, ngandelaken kebat lumpatipun, pan si gajah angandelken gung ainggil, ula ngandelaken iku, mandine kalamun nyakot.
Sunan Bagus maringi pitutur kanthi tembung adigang, adigung lan adiguno. Adigang iku tumindake kidang, adigung iku tumindake gajah, lan adiguno iku tumindake ulo. Telu-telune mati sampyuh, awit soko tumindake dheweke dhewe.