Lihat ke Halaman Asli

Pagelaran Seni

Diperbarui: 3 Desember 2023   01:06

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

Pentas utawi pagelaran seni bakal digelar dening peserta didik kelas XII ing SMA Negeri 1 Bantarkawung

Dening Nur Fajarwati Halimah, S. Pd.

Drama yaiku salah sawijine pentas kang digelar ana ing panggung. Jenise drama ana loro, yaiku drama moderen lan drama tradisional. Wujude drama tradisional yaiku ketoprak, ludruk, jathilan lan liya-liyane. Ing sajrone drama ana plot utawi alur carita. Plot utawa rangka carita/alur yaiku lumakune carita ana ing sajroning carita wiwit awal tumekane pungkasan, lan uga gambarane perkara antawis rong paraga kang beda.

Miturut Gustaf Freytag ana ing bukune Herman J. Waluyo (2002) aweh katrangan umume jalinan prakara ana ing plot awujud bab-bab ing ngisor iki.

  • Exposition / panjlentrehan carita ing awal, yaiku para panyimak drama ditepangake marang para paraga kang ana ing carita lan uga kepiye watake para paraga kasebut.
  • Komplikasi utawa wiwitan jumedhule prakara.
  • Klimaks utawa puncaking prakara
  • Resolusi utawa pungkasaning prakara
  • Denoument utawa dudutaning carita
  • Sikuler, yaiku carita kang isine amung sak prakara
  • Linier, yaiku carita runtut saka A-Z
  • Episodik, yaiku jalinan carita kang kaperang banjur disambung ana ing pungkasaning carita.

Ing pentas seni, mesthine sajrone carita ana paraga lan watake. Paraga iku pawongan kang nglakokake carita, dene watak iku gambaran kapribadene paraga utawa tokoh carita.

  • Miturut kiprahe tumrap lumakune carita:
  • Paraga protagonis, yaiku paraga kang nyengkuyung lumakune  carita.
  • Paraga antagonis, yaiku paraga kang ora saiyeg marang lumakune carita.
  • Paraga tritagonis, yaiku paraga kanggo aweh pitulungan marang paraga protagonis utawa antagonis.
  • Miturut kiprah lang fungsine ana ing lakon:
  • Paraga sentral, yaiku paraga kang dadi punjering carita.
  • Paraga utama, yaiku paraga kang nentang paraga sentral ana ing carita.
  • Paraga pambantu, yaiku para paraga kang dadi geganep utawa peran sampingan ana ing carita.

Watak bisa digambarake ana ing telung dimensi (watak dimensional) linandhesan saka kahanan awak, batin, lan sosial (fisiologis, psikologis, lan sosiologis).

  • Kahanan fisik yaiku: umur, lanang utawa wadon, titikane awak, ciri ing awak, titikan mligi sing menjila, suku bangsa, praenan, kasenengan, dhuwur/cendhek, kuru/lemu, lan sapanunggalane.
  • Kahanan psikis, Kahanan psikis paraga awujud: watak, kasenengan, mentalitas, standar moral, temperamen, ambisi, kompleks psikologis sing ditemahi, kahanan emosine, lan sapanunggalane.
  • Kahanan sosiologis, Kahanan sosiologis paraga awujud kalungguhan/jabatan, pagawean, klas sosial, ras, agama, ideologi, lan sapanunggalane.

Dialog utawa pacelathon yaiku naskah drama. Setting utawa panggon prastawa sajrone crita asring uga diarani latar crita. Setting biasane dumadi saka telung dimensi, yaiku panggon, ruwang, lan wektu. Setting panggon nduwe gegayutan karo panggon ing ngendi prastawa kasebut  kadadeyan. Umpamane ing Pulo Jawa, ing Kutha Yogyakarta, ing Surabaya lan sapanunggalane. Setting ruwang awujud prastawa nalika pentas kasebut dumadi. Umpamane ing emper, ing dalan gedhe, ing ruwang tamu, ing warung, lan sapanunggalane. Setting wektu gayut karo kapan prastawa sajrone pentas kasebut dumadi. Umpamane wae ing wayah esuk, awan, wengi, lan sapanunggalane. Tema mujudake gagasan pokok sing kakandhut sajrone drama. Amanat yaiku kekarepan kang bakal diandharake dening pengarang lumantar naskah utawa lumantar pamentasane.

Gayut karo anane pentas utawa pagelaran kang arep dianakake ing SMA Negeri 1 Bantarkawung dening peserta didik kelas XII yaiku peserta didik kudu bisa mantha-mantha apa kang dadi petunjuk teknis ngenani tokoh, wektu, swasana pentas, swara, iringan, metu mlebune aktor utawa aktris, lan sapanunggalane. Sekabehane kuwi mau kudu dipikir. Persiapan sing mateng kanthi gladhen kang tenanan ora bakal dadi gelane ati kanggo para pelaksana ugi ora bakal dadi kuciwane para pamirsane. Kabeh kuwi mau butuhake ragad kang ora secuil. Peserta didik kudu nyamaptakake busana lan riasan kangge maragakake. Sekabehe ubarampe ugi piranti-piranti apa kang dadi kabutuhane kudu enggal-enggal dicawisake. Mugiya kabeh mau bisa kalaksanan kanthi apik, lancar, gangsar, ora ana pepalang, tegese kabeh bisa sukses anggone nampa jejibahan.Aamiin

Dipuntenggo nggih sedaya pamiyarsa!!!

Nuwun, matur nuwun.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline