Lihat ke Halaman Asli

Suprihati

TERVERIFIKASI

Pembelajar alam penyuka cagar

"Tatag, Teteg (Bakal) Tutug" BerKompasiana

Diperbarui: 9 April 2021   17:55

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Tatag Teteg Bakal Tutug (Foto: dok pri)

Tatag, teteg (bakal) tutug adalah bagian dari pitutur (nasihat) dalam budaya Jawa. Nasihat yang bersifat umum, membekali diri melalui peningkatan karakter hingga tercapainya tujuan. Pitutur ini juga berlaku dalam bergiat di Kompasiana, loh.

Sebagai prolog saya akan mencoba menyajikan dalam bahasa daerah, Jawa, krama madya. Sekalian mendukung upaya banyak sahabat di Kompasiana yang bergiat melestarikan budaya lokal. Tenang, akan disambung dengan bahasa Indonesia agar pembaca tidak langsung meninggalkan artikel ini.

Tatag teteg bakal tutug, pitutur luhur

Tembung tatag mekaten, miturut Bausastra Jawa, "tanpa duwe uwas sumelang", boten nggadhahi raos was kuwatos ing samukawis. Nedahaken sikep ngadhepi rupi-rupi panggodha saking njawining pribadi.

Wondene teteg dipun paringi teges:, kukuh, ora obah-obah, panggah. Mujudaken karakter pribadi ingkang kabangun saking telenging manah. Badhe tetep madeg kadosdene ardi karang ingkang boten kentir ing samukawis.

Tembung tatag teteg ugi asring kadhapuk dados tembung saroja ingkang nggadhahi teges meh sami. Dhapukan tembung saroja kagem ngiyataken ancas. Tatag teteg, njlentrehaken piyantun kang kagungan daya tatag wah teteg. Ugi kagem nelakaken endahing rakitan basa wonten swanten kang kaambali.

Menggah tutug mekaten: dumugi, ngantos ing pungkasan, ngantos katog lan marem. Ancas tuwin sedya kang kasembadan. Nuwuhaken raos marem, mongkok ugi syukur dena sadaya kalampahan kanthi prayogi.

Tatag, teteg (bakal) tutug nedahaken bilih tutug hanamung saged kagayuh jer linambaran solah lan patrap tatag ugi teteg. Tanpa tatag miwah teteg inggih mokal tutug badhe pinanggya.

Tatag, teteg,  tangguh, tanggon, tanggap (bakal) tutug

Menurut Kamus Bahasa Jawa (Tim Penyusun Balai Bahasa Yogyakarta), tatag: tidak mempunyai rasa khawatir; tabah. Merujuk kekuatan respon pribadi terhadap tekanan dari luar dirinya.

Sifat internal keteguhan hati diwakili oleh kata teteg: kukuh; tidak bergerak-gerak; kuat hati. Tatag yang didukung oleh rasa teteg. Atau tatag dan teteg saling memperlengkapi sebagai kata majemuk. Kekuatan hati yang memampukan diri menata rasa kawatir.

Baca JugaBerkaca pada Keluhan Kompasianer Sejak 11 Maret

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline