Lihat ke Halaman Asli

Tresno [Geguritan - Jawa]

Diperbarui: 24 Juni 2015   02:25

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

sliramu cuthel urip
polahe dleming kedhep gumebyar
sliwar-sliwer nyengit urip
anggung ndudut ati sing tak darbeni
yen mung sawang sinawang kroso legi
nanging
iki ati dudu wedi
lelakonmu wus ngobrak-ngabrik driya
kang ketungkul marang kinasih
saiki
driya ingkang kari sakpulukan
ora sue
iku bakal sirna
kinasih ora reksa sagung
kudune driya iki ngerti
gelagat abang-abang lambe ingkang abot kapok
ora krenteg marang kinasih
buktine
suwe banyu sinaring
sliramu jebul jumangkah ngetungkulake liyan

nyawiyah driya iki
mangsuli sawegung lelakonmu
satuhu driya iki
runtik sengit nangis ndlulu
wes
wes
cukupno lelakonmu
krasa lantip sambanganmu
ngobrak-ngabrik ukelan iki
nekakke ulat peteng gumeplang ora wagu




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline