Lihat ke Halaman Asli

Mutoharoh

Guru Bahasa Jawa

Unggah-Ungguh Basa di Kabupaten Tegal yang Hampir Punah

Diperbarui: 23 Agustus 2022   23:24

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Bahasa. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Jcstudio

Unggah ungguh basa yaiku kedudukan basa miturut tata kramane, miturut tata kramane unggah- ungguh iku kaperang dadi:

1. Ngoko Lugu

2. Ngoko Alus

3. Krama Lugu

4. Krama alus

Unggah ungguh basa ing nduwur kue wigati banget kanggo sesrawungan ing bebrayan, unggah- ungguh bahasa ugi bisa dadi tolak ukur bilih bocah kue nduweni sopan santun apa orane. Ing kabupaten tegal khususe akeh bocah- bocah kang ora bisa nggunakake unggah- ungguh basa khususe bahasa krama. Bocah ora pada bisa amarga bocah mau ora kulina nggunaaken unggah- ungguh basa khususse krama.

Ing keluwargane uga ora di ajari nganggo krama, kadang wong tuane dewe ora bisa nggunakake krama iku. Bocah- bocah mau mung ngandalake pembelajaran ing sekolah, padahal ing sekolah pelajaran mung 2 jam seminggu, kue wae ora mesti mbahas unggah- ungguh basa. Unggah- ungguh basa iki di anggap punah amarga saiki jarang banget bocah nganggo bahasa krama, bocah akehe nganggo bahasa indonesia. Padahal bahasa Jawa kue mau kalebu bahasa ibu sing kudu dilestarikake kan kudu di kulinakake.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline