Lihat ke Halaman Asli

Mulat Suyatmi

Guru Bahasa Inggris SMP Negeri 1 Gatak

Numpak Angkot

Diperbarui: 6 Maret 2023   05:18

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Wanita sing lungguh jejer sopir iku tangane uwet kawit mau. Dheweke mangku bocah cilik lanang sing ora gelem mandheg anteng. Useg ora leren. Dak kira bocah kuwi putrane, katitik saka anggone mangku sok-sok diaras pipine.

Olehe ngaras karo nggeget sajak gemes.
Kalorone menganggo klambi sing ora bisa disebut apik. Amargoa kaine katon murah tur wis luthu. Modele uga model pasaran. Malah ana jahitane sing wis lepas benange, ndadegake kulite sing luthu uga katon.

"Ma, ayo mudhun sik. Aku ngelih. " Clathune bocah mau karo tangane nggujengi klambine wanita kuwi.

"Kosik to. Nunggu bapak. Bapak lagi tumbas sego kucing. " Wanita iku mangsuli karo ngaras bathuke bocah iku.
Mulo bener opo sing ana pikiranku. Bocah lanang iku putrane wanita sing lungguh jejer sopir angkot iku.
Lan sopir angkot kuning sing tak tumpaki iki jebul garwane wanita iku.
"Nyoh Le. Iki sego kucinge dimaem sik. Didulang Mama, yo. " Sopir angkot ngulungake bungkusan plastik. Dak kira isine wungkusan sega kucing kaya sing dingendikakne sopir iku.
"Nyuwun pangapunten nggih, Bu. Niki wau mandheg rada dangu. Anak kulo ngelih nyuwun maem. Kula tumbas sega kalih es teh niku antri. "
Kandhane sopir angkot ditujokake marang aku, sing lungguh nggatekake katelu ket mau.
"Nggih pak. Mboten dados menapa. Kantun wangsul men kok. Sante mawon.  Garwo putra ndherek, klayu menopo? " pitakonku marang sopir angkot sing mulai nyandhak stang stir.
"Inggih. Ngomah mboten gadhah beras. Niki ndherek kersane nek angsal dhuwit langsung saged tumbas sarapan. " Kandhane sopir karo ngubengke stir. Alon alon angkot wiwit obah banjur mlaku ninggalke warung sego pinggir dalan.

Urip kok penake ngeram. Nyambut gawe entuk dhuwit dipangan bareng anak bojo. Ora sah mikir piye sing arep mbayar utang sing gunggunge sak jagad. Entuk sithik dipangan suthik, entuk akeh yo tetep dipangan sithik, tunggale dicelengi. Ora kaya aku, bingung, mikir kepiye olehku arep nyaur utangku sesuk. Batinku.

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline