Lihat ke Halaman Asli

Jin Kartubi

Diperbarui: 17 Juni 2015   08:46

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

1427721759462277093

[caption id="attachment_358188" align="aligncenter" width="414" caption="Sekedar Ilustrasi, Jin Botol dan Mahasiswa_mdotthecrowdvoicedotco"][/caption]

Kang minulyo poro sedulur Kompasianer kabeh, ass.wr.wb.

Sawijining wektu ing sawijining pulo kang sepi adoh Lor adoh Kidul, ono wong telu mentas wae metu ko banyu segoro bebarengan karo kayu papan pecahan praune sing kampul2 ajur mumur kasempyog ombak gedhi. Katelune njur jumangkah neng pesisir, ngeyub ko panase suryo amping2 ayang2ane gegodhongan wit2an kono. Ndulu soko meles werno pakulitane mratandhani yen panggaotane wong telu kuwi sa-dina2ne gumantung asil pikolehane njaring iwak neng segoro.

Nggetuni nasib kasangsoyo pisah soko kulowargane sowang2, nggrantes neng batin wong lanang sing loro – sing isih tansah nggowo angen2 doyo2 biso enggal mulih kumpul njur kelon karo sisihane. Dene sing siji sajak anteng wae uger pangan lan ngombe ora kangelan tinemu ing pulo cilik iki, wong neng omah yo ra ono sing ngantu2 baline – sawise sesasi kepungkur bojone sing siji ndhil kuwi kepencut tumekan keblandhang tukang kredit uborampe omah sing jare nggantheng tur okeh dhuwite.

Nunggu begjane awak ngarep-arep mbokmanowo ono tanggane sak kampung nggoleki njur ono sing tekan sacedhake kono, ora ono liyo saben dino yo mengkono gaweyane wong lanang telu kuwi. Kocap sawijining sore, sadurunge angslup suryo, katon gendul tilas wadhah bir kampul2 ing kadohan arah srengenge. Prasasat adu balap wong telu playon gage nyaut gendul mau.

“Ono kertase neng njerone, co,” salah siji alok mung wates senenge ati nemu dolanan anyar.

“Ayo, gelis, cobanen mbukak sumpele to.....,” sijine semaur.

“Sabar dhisik nganti tekan ngisor wit kono wae.”

Tekan ngisor wit sing wis diyoso katelune dadi ono omah2an samurwat keno nggo ngeyub ko udan lan panas kanthi luwih pernah, bebarengan katelune ikhtiar mbukak gabus sumpele gendul. Kocap, bareng lan copote sumpel keprungu sworo “whuuuzzzzzzzz..........” Njur maujud nyat katon nyat ora Jin Kartubi kawe loro. Bab Kawe Loro iki diakoni dhewe karo si Jin Kartubi sing iki, mergo bedo wadhah nggo papan nyimpene, sing asli manggon neng njeron lampu wasiat duweke Aladdin tur metune ko lampu kudu sarono diusap alus lampune sejene kadhung kawentar urip neng negoro antah berantah jamane sewu siji wengi biyen mulo. Balik Jin Kartubi Kawe Loro iki trimo dimapanke njeron gendul tilas wadhah bir sing beling werno ijo kae, tur maneh metune maujud ora perlu ndadak di-elus2 barang to yo.

“Gendul papan omahku dudu lan adoh bedane tinandhing pupu aluse bojomu to poro sedulur kabeh....,” mengkono pangucape Jin Kartubi Kawe Lowo.

Njur mbacut rembug, “Sampeyan sowang2 duwe pangajab opo, siji wae, ojo sumelang, tamtu bakal katekan.”

Wong lanang sing siji kroso bungah kangene marang bojo bakal tuntas, mulo gage ngucap yen kepengin bali kumpul sisihane neng omah.

Wong lanang kapindho ugo podho isih lagi ngalami penak2e swasono mantenan neng omah, ngucapke penjaluk podho marang Jin Kartubi Kawe Loro.


Tekan gilirane wong lanang sing pungkasan, bener dul, sing jejer dhudho kepekso mergo ditinggal bojone keplayu tukang kreditan, bedo maneh pangucape sing kawetu karo sworo sajak nglokro.

“Ketrimo banget pitulungmu Jin Kartubi. Aku mono kasepen. Neng omah sepi, neng kene yo mesthine aku kuwatir kasepen. Penjalukku kancaku loro bali ngancani aku neng kene maneh.”


Jin Kartubi: “Keturutan penjalukmu kabeh!!!”

Нahahaha .........

Tancep kayon. Sakmene dhisik yo dul.Sugeng aso kanggone sing lagek santai2 bareng kulowargo. Katuran sing tetep prayitno ngati-ati tumrap sing arep tumindak jail. Kejobo sing soko ANE lhoh yo........

Wass.wr.wb.

Tabik lan Salam HUMORana.com
Jakarta, 30 Maret 2015.


ttd& cap stempel resmi

Departemen Humor Garing

Inspirasi: aneka sumber




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline