Lihat ke Halaman Asli

[Humor Jawa] Wah, Mbah Putri King Tindakan

Diperbarui: 29 November 2015   05:44

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

[caption caption="TRANSPORTASI 20151128 Bus Citra Patas Magetan – Malang_2dotbpdotblogspotdotcom"][/caption]

"Wah, Mbah Putri King Tindakan"

 

Bus Citra jurusan Kediri-Malang mandheg sedhélo nèng Pasar Ngantang. Ono sing arep mudhun, wong wédok rodo tuwo sak umuran simbah gupuh mernahké bebedan jariké bèn ojo nyrimpeti laku. Tekan ngisor ngelungké dhit ongkos nèng kondhèktur. Gelis waé kondhèktur njuk alok.

Kondhèktur: "Mbah, ngapunten niki yotro  ongkosipun kirang!"
Simbah: "Lho koq kurang ki kepriyé?!"

Kondhèktur: "Nggih genah kirang to mbah! Mosok mung selembar kalih èwon gendhil niki?"
Simbah: "Lho, mau ono bocah gur mbayar podho rong èwu. Njuk ono sing mbayaré malah gur sèwu..!"

Kondhèktur: "Ngèten nggih mbahé.... Laré sing kathok dowo abu-abu wau laré SMA mbayaré tigang èwu. Sing kathokan cekak biru laré SMP mbayar ongkosé kalih èwu. Sami kalih sing kathokan cekak abrit, laré SD, kalih èwu."
Simbah: "Lho ....yèn ngono kuduné aku ra mbayar to malah!"

Kondhèktur: "Lha mboten mbayar pripun?"
Simbah: "Yo kuduné  ngono...!! Lha wong kandhamu mau sing kathokan dowo kudu mbayar telung èwu, sing kathokan cekak biru rong èwu njuk cekak abang yo podho rong èwuné to? Dadi aku ra kudu mbayar, wong genah aku ra kathokan...!!"

Kamitenggengen sauntoro, senajan dudu mergo gatel, kondhèktur kukur-kukur sirah karo golèk akal mernahké rembug. Saking judheg nalaré, sing kewetu malah potensi gawé dredah. Ngéné iki.

Kondhèktur: "Nggih pun. Niki yèn simbah purun nampi, nggo yotro kersané mpun, kulo aturké wangsul. Kénging nggé ganjel dhompèté to, kersané mpun ngeses mawon."

Simbah katon sajak kagèt krungu tembung lan nyawang tingkah polahé kondhèktur sajak nylèlèk. Rumongso kebacut disembranani, santak kewetu ngéné pangucapé.

Simbah: "Wooo wong koq ra urus!! Sisan gawé waé. Kéne-kéné, diladèni simbah to wis! Ngertio yo cah, ra mung trimo ngeses lé, malah iso singsot barang. Gagé iki lho rungokno .... Sssuiiiit ..sssuiiit !!!�"

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline