Lihat ke Halaman Asli

Bu Mursid Bayen Kembar Telu

Diperbarui: 17 Juni 2015   08:15

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

14287375021714858247

[caption id="attachment_360242" align="aligncenter" width="227" caption=" jawa-lucu-DP-BBM-WONG-JAWA-GANTENG_2lucudotcom"][/caption]

Kang minulyo poro sohib Kompasianer kabeh, ass.wr.wb.

Kocap neng pojokane negoro sing uaduuoh ko Lor opo dene ko Kidul kono, kandhutane bu Mursid katon sajak wis mbedodong kae, nggone nglarani wis sangsoyo kerep mratandhani wis meh tekan titi wancine jabang bayi arep lair. Kakunge gage nyaut samubarang kabutuhan sing wis cemepak neng tas lan koper, ngajak bu Mursid nyang RSIA.

Mlebu kamar bersalin, pak dokter dibiyantu suster siji mapanke bu Mursid neng ranjang bersalin. Ora gantalan suwe, owek-owek-owek, klakon lair metu bayi  lanang. Sehat lan jangkep.

Jabang bayi dipasrahke suster amrih diupokoro samurwat, pak dokter sawise nitiprikso njur nyawang pak Mursid karo ngendikan mengkene.


Dokter: “Hey, pak Mursid! Njenengan kanugrahan putro kakung. Sugeng nggih!"

Krungu ngono pak Mursid banget bungah, sawetoro kuwi kesusul ora suwe pak dokter surak kegowo ngungun lan bungah, njur ngendikan mengkene iki.

Dokter: “Sabar dhisik! Durung rampung! Isih ono bayi maneh sing arep nyusul lair!”


Sawetoro wektu pak dokter konsentrasi mbiyantu laire bayi maneh. Sawise kecandhak sikile bayi kekarone, pak dokter cluluk.

Dokter: “Hey, pak Mursid! Njenengan kaparingan bayi putri saiki!!!! Cobi dipirsani mendah manise….”


Pak Mursid durung rampung nggone nggumun campur bungah ngalami kedadean iki ketungko pak dokter cluluk maneh.

Dokter: “Mengko sik. Isih gung rampung, bu Mursid isih nglarani maneh!”

Njur pak dokter ibut ngewangi laire bayi, metu lanang maneh.


Dokter: “Pak Mursid, njenengan kanugrahan putro kakung siji maneh!”

Pak Mursid bungah, pancen ananging, kaworan gumun ngelingi trahe ora kasinungan riwayat lairan kembar mulo njur kawetu pitakon tumuju pak dokter mangkene.


Mursid: “Pak dokter, mungguh opo sebab laire bayi kembar iki?”

Dokter: “Mergo iki kandhutan normal, dudu asil program bayi tabung, kito podho gung iso mestekke sebabe. Pak Mursid, cobanen ngeling-eling biso ugo ono kedadeyan rikalane wayah pembuahan kepungkur."


Mursid: “Ah yo, rikalane pembuahan.”


Wektu pak Mursid lan garwane mboyong mulih bayi2ne telu pisan, neng mobil njur sinambi jagong rembugan koyo mengkene.

Mursid: “Mama, sliramu kemutan mestine sawijining wengi sadurunge ngandhut bayi telu iki. Awake dhewe harak kentekan Vaseline lan njur kepekso nganggo 3-in-1 Oil sing ono.”

Garwo: “Iyo pa, bener. Aku isih kelingan bengi kuwi….”


Mursid: “Isih begjo awake dhewe yo ma, yen di-pikir2. Tujune, mungguh, awake dhewe ora njur nganggo olie sing kalenge ono tulisane WD-40!!"

-----oo0O0oo-----

Wusono samene dhisik yo sob. Liyo wektu disambung maneh............

Wass.wr.wb.

Tabik lan salam HUmorana.com

Jakarta, 11 April 2015.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline