Poro kadang lan sedulur,
Monggo kito sedoyo sareng-sareng ngathahi sukur,
nikmat saking Allah mboten saget dipun itung utawi dipun ukur,
menawi kados mekaten monggo ngathah-ngathahi bersyukur,
ngathah-ngathahi tafakur,
tansah memuji, kagem Kang Moho Sugih, ingkang sampun paring makmur,
mumpung kito sedoyo taksih dipun anugerahi umur.
Poro kadang lan sedulur,
yuswo kito sedoyo sampun manjing kubur,
monggo sami-sami wedal kito isi kagem dzikir lan mboten kagem nganggur,
wedal sholat wajib mboten dipun undur-undur,
nglampah-aken ibadah sunah kanthi ajeg lan teratur.
Poro kadang lan sedulur,
Gesang bebrayan mboten saget ngawur,
kersanipun gesang mboten keliru jalur,
kersanipun ibadah kito sedoyo mboten ancur lebur,
monggo kitab Al-Quran lan Sunah Rosul tansah diugemi seumur-umur.
Poro kadang lan sedulur,
nggadhahi kathah rencang meniko engkang remen andum pitutur,
pitutur sae pekawis budi luhur,
pitutur sae babakan menungso engkang seneng takabur,
pitutur sae babakan menungso engkang seneng mboten jujur,
Poro kadang lan sedulur,
Nyuwun sewu, namung meniko kulo saget matur,
Mboten sok alim lan sok pinter, tapi namung andum pitutur,
Sepindah malih, nyuwun sewu lur …..
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI