Lihat ke Halaman Asli

Diajeng

Diperbarui: 12 Juli 2022   06:00

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Love. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Prostooleh

Garwaku

Diajeng, .....

atiku  mongkok, atiku  seneng,
biso mriksani diajeng tansah murah gumujeng,
ora bosen-bosen tansah tak pandeng,
opo maneh, ono ing janggut-e diajeng , cumanthel andheng-andheng,
andheng-andheng kang nambahi manis, nambahi ayu-mu lho diajeng.
Diajeng, .....
sliramu  ora tau duko, spaneng, lan methentheng,
tindak-tinduk kang alus tur anteng,

Diajeng, .....

putri sing ayu, lan putro kakung sing nggantheng,
cukup pertondo katresnan-ne awak-e dewe  kumrekat  kenceng,
kebak karaharjan, kabahagyan, donyo akherat,  ora bakal peteng,
kabeh mau, tansah kito suwun marang kang Moho Ageng.
mugo-mugo nglampahi gesang tansah akeh wilujeng.

Diajeng, .....

ayo terus ngaji, ngamal, mbelani agomo, ditindak-ke sareng-sareng,
ngaji Qur'an -- Hadist sampek mudheng.
dadi pekeling awak-e dewe  lho .... diajeng,
gesang ning  donyo muk kanggo mampir ngombe, gesang  akherat bakale  langgeng.

Diajeng, .....

I love you so much, I love you forever, diajeng.
Tresno-ku ora kebendung, tresna-ku sak lawase  marang sliramu diajeng.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline