Lihat ke Halaman Asli

Datan Ana Maneh Kidung Panglangut ing Kene...

Diperbarui: 25 Juni 2015   06:47

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com


Datan ana maneh kidung panglangut ing kene..
Lan suwaken kapangmu marang langit biru,
guritan biru,
unine manuk bence,..
percayaa,..
nadyan iki amung aku sing kandha..
panjeriting ati dudu pambirating duratmaka..

Wanci sore,
Bangunrejo kidul,
daksuntak sakabehing tangis..
aja kleru panampa...
aku ngerti..
ora guna ngoyak pangimpen sing ngayawara..
mokal sunar dewangga jumedhul ing tengah wengi rupaking alas jati..
Jer aku teka tan prabeda sukisma ngulandara..
jer aku amung sadrema mitra kang kuwawa ngucap apa..?

DT,
Ngawi, 18 Juni 1985

Sudut bumi, 100412.

------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline