Lihat ke Halaman Asli

Mega Anjasmoro

Guru muda,

Udan Gremis

Diperbarui: 19 November 2022   21:53

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Udan gremis

Dening: Mega Anjasmoro

Esuk tekaning sore iki
Udan grejeh meh sesasi
Ananging ora ana sing ngerteni
Kuwi...
Blas ora ngerti
Apa - apa gur waton dicepaki
Meruhi dadi

Udan deres wus ganti gremis
Ora lali sinambi ngopi
Sinambi mikir....
Iya mikir..
Mikir kahanan iki
Jamane donya wus ganti
Ganti kaya ngene iki
Donya wis bubrah
Bubrah saka tatanan
Sapa sing salah
Kabeh dha jaluk menang
Jan jane manungsa,
Kenangapa...
Kenangapa, pikirane ora bisa ditata

Kudune,
Padha wis paham kahanan iki
wus nglakoni bola-bali
Aja amung lomas - lamis
Saiki A sesuk dadi I
Ora bisa diugemi

Kudune....
Saiki eling, eling...
Eling mring sing gawe Donya iki....




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline