Lihat ke Halaman Asli

Laku Prihatin

Diperbarui: 18 Desember 2018   10:09

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

laku prihatin dalane rumpil
ora ngambah dalan tol
ora gampang diambah sikil
dudu laku golek sipat kandhel
ananging lakuning jalmi nyuceni diri
nutup babahan hawa sanga

ngambah ara-ara samuning sepi
ngliwati segaraning rasa bosen
nrabas alasing rasa wedi
ngungkuli gununging kesenengan
ngeduni jurangin kesusahan
kancane ngelak lan ngelih
sedulure adhem lan ngantuk
sangu lan tekene donga pamuji

laku prihatin
lakuning jalmi mesu diri
napak tilas pada Dalem di
ngecakake wajibing bekti
nresnani pepadha lan Kanjeng Gusti

18.12.18




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline