Lihat ke Halaman Asli

Mas Teddy

Be Who You Are

Kenangan Pitung Taun Nang Suroboyo, No.3 (Edisi Suroboyoan)

Diperbarui: 30 Mei 2016   22:17

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ulang taun ke 723 Suroboyo (gambar teko twitter@sapawargasby)

Iki lanjutane, rek !

  • Kuliah

Biaya kuliah jamanku biyen tergolong murah (opo maneh nek dibandingna ambek saiki). SPP Rp. 120.000,- (satus rong puluh ewu repes) sak semester. Wis iku thok. Gak ono biaya liyane. Gawe kebutuhan sak ben dinane, awakku mung dikirimi Rp. 50.000,- (seket ewu repes). Gawe bayar kos Rp. 15.000,- (limolas ewu repes) sewulan. Sampek awakku lulus, bayar kos mundhak dadi Rp. 17.500,- (pitulas ewu limang atus repes) sewulan. Gawe bayar mangan (rantangan/langganan) Rp. 20.000,- (rong puluh ewu repes) sewulan. Sisane Rp. 15.000,- gawe transport ambek   liyane. Gawe ngirit pengeluaran, awakku sering numpang konco sing liwat ngarep gang kos-kosan. Gak pernah tuku buku, jarang potokopi. Sering nyilih ambek moco buku nang perpustakaan, catet nang buku tulis.

Jaman awakku kuliah biyen, jaman awal-awale kenal komputer. Waktu iku komputer jik dadi barang wah. Sing wong tuwane sugih sing iso duwe komputer. Modele yo jik gedhe tur abot. Drive A gawe disket program, drive B gawe disket data. Diskete gedhene sak kerupuk udang, iso digawe kipas-kipas nek kepanasan. Nang kampusku ono jurusan sing “mengharamkan” nggarap tugas gawe komputer (mergo gampang copy paste), kudu gawe mesin ketik. Karepe apik, tapi ambek arek-arek malah digawe guyon. Jurusan iku mbesuk nek lulus entuk ijazah loro. Siji ijazah sarjana, sijine maneh ijazah ngetik (waktu iku jik akeh ‘kursus mengetik dengan 10 jari’).

Gerbang kidul ITS taun 80-90 an (gambar teko bloggerbekasi.com)

Nang sekitar kos-kosanku akeh kampus. Gawe hiburane arek kos, singkatan jenenge kampus sering diplesetno. ITS diplesetno dadi ‘Institut Tengah Sawah’, soale kiwo tengene jik akeh sawah. Malah ono sing mlesetno ‘Ikuti Truk Sampah’. Kebangeten temen ! Tapi ancen ITS iku cedhak ambek TPA Keputih. UHT asline Universitas Hang Tuah diplesetno dadi UNDIP, ‘Universitas Depan ITS Persis’. Padahal ngarep mburine ITS iku sing ngendi, yo gak jelas. Ono sing ngomong ngarepe ITS iku pintu gerbang sing lor, ono sing ngomong pintu gerbang sing kidul. UPB asline Universitas Putra Bangsa diplesetno dadi ‘Universitas Pemain Bola’, soale biyen akeh pemain Persebaya sing kuliah nang kono. ITATS asline Institut Teknologi Adi Tama Surabaya diplesetno dadi ‘Institut Teknologi Adik-e ITS’, soale dosene akeh sing teko ITS. Tapi sing kebangeten diplesetno dadi ‘Isuk Turu Awan Turu (kok iso) Sarjana’. Unar utawa Universitas Narotama. Nek iki gak diplesetno, cuman nyebute diubah dadi koyok wong takok “naroh tah, mak ?

Sing paling dak elingi jaman kuliah, waktu awakku ambek konco-konco kuliah melok gerak jalan Mojokerto-Suroboyo. Iki bonek temenan, rek!. Gak pernah latihan. Posisi barisan, sopo sing dadi komandan barisan, sopo sing nang ngarep, sopo sing nang mburi baru diatur nang garis start. Sing penting mlaku. Alhamdulillah nyampe Suroboyo, gak ono sing semaput. Tapi, sikil gempor kabeh.

  • Jancuk

Pertama kali krungu ukara “jancuk”, awakku risih temenan. Soale jancuk iku nek nang kampungku iku pisuhan sing paling kasar. Nek nang kampung misuhe paling nyebut kewan, koyo : asu, jangkrik, sapi lan kewan liyane.

Nang kos-kosan, jancuk. Nang kampus, jancuk. Nang ngendi-endi jancuk. Thithik-thithik jancuk. Pokoke ngomong opo ae mesthi ono jancuke utawa cuk. Suwe-suwe awakku melok ngomong ‘jancuk’. Malah nganggo kaos tulisane ‘cuk !’

Ancen nek gurung iso ngomong ‘jancuk’ gurung dadi wong Suroboyo.

Kaos jancuk (gambar teko keepcalm-o-matic.co.uk)

Yow is, iku ae sing dak eling-eling jaman urip nang Suroboyo selama pitung taun.

Selamat ulang tahun ke 723. Muga-muga Suroboyo iso dadi kutha sing nyaman kanggo wargane.

Salam jancuk forever.

Jalan-jalan ke pasar baru,

Ke pasar baru beli ketela,

Paling enak pengantin baru,

Masuk kamar buka ce….ndela


Tulisan sing ono hubungane. Nek gak ono, dipekso ae ! Pokoke kudu ono hubungane !

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline