Lihat ke Halaman Asli

Mas Teddy

Be Who You Are

Kenangan Pitung Taun Nang Suroboyo, no.2 (Edisi Suroboyoan)

Diperbarui: 30 Mei 2016   21:06

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ulang Taun ke 723 Suroboyo (gambar teko twitter@sapawargasby)

Iki lanjutane, rek !

  • Mlaku-mlaku golek hiburan

Kanggone arek kos-kosan sing jenenge mlawakku-mlawakku iku sing penting metu teko kos-kosan. Kluyuran embuh nang ngendi. Nek tujuan favoritku sing penting ono buku ambek kaset. Nang TP, Delta Plaza utawa THR sing dak parani yo toko kaset ambek TB Gunung Agung utawa Gramedia. Nang Tunjungan sing dak parani yo TB Sari Agung. Nang TC yo ndelok toko kaset. Nang toko buku yo mung moco-moco thok, isuk sampek sore. Gak pernah tuku.

Nang toko kaset podho ae, ndelok-ndelok thok. Kecuali ono sing dak sir, mulai nyelengi. Sak durunge taun 1987 rego kaset lagu barat paling larang Rp. 1.500,- (sewu limang atus repes). Sak wise taun 1987 rego kaset lagu barat langsung dadi Rp. 5.000,- (limang ewu repes). Mangkane nek pingin tuku kaset kudu nyelengi dhisik. Nyelengi duit kok digawe tuku kaset, gak digawe tuku buku. Mangkane kuliah gak lulus-lulus.

Mergo gak lulus-lulus iku awakku meh ae stress. Timbangane stress, awakku numpak bis kota nang Perak. Tekan Perak, awakku numpak ferry nyeberang nang Kamal, Meduro. Mondar-mandir Perak-Kamal, sampek sore. Baru mulih nang kos-kosan. Nyeberang nang Kamal iku mlaku-mlaku sing paling adoh.

Selain seneng moco buku ambek koleksi kaset, biyen awakku yo seneng koleksi perangko. Mergo gak ono anggaran gawe tuku perangko bekas, awakku duwe coro murah meriah gawe nambah koleksi perangko. Wis ping pindho awakku mlaku-mlaku, dolan nang kantore Jawa Pos. Pisan nang kantor Kembang Jepun, pisan nang kantor Karah (Graha Pena gurung ono). Kari nggoleki mbak Oemi, ngomong nek katene njaluk perangko bekas. Langsung diwenehi amplop sak abreg. Kari milih dhewe perangkone (matur nuwun mbak Oemi, mugi-mugi tansah pinaringan sehat rahayu). Iki jenenge mlaku-mlaku sing ono manfaate.

Nek lagi sumpek kadang ambek konco-konco kos nonton film. Nontone gak pernah nang bioskop 21 mergo HTM-e larang, Rp. 4.000 - 5.000,-. Biasane nonton nang bioskop kelas mahasiswa, bioskop Kalidami utawa bioskop cedhak terminal Bratang. Judul film-e gak penting. Pokoke sing diputer dina iku yo sing ditonton. Untunge bapak kos uwonge apikan, setahun pisan ngewehi freepass nonton nang bioskop 21. Bapak kosku entuk freepass teko kancane, pengurus GAPBSI.

Tapi nek mlaku-mlaku ambek mbakku, kadang awakku diajak nang Siola, Sinar Supermarket utawa Toko Nam. Mbakku biasane blanja bulanan nang kono. Sing paling dak elingi, nek pas nunggu diskonan kue nang Toko Nam. Biyen saben dina pas jam 09 bengi, Toko Nam ngobral kue/jajanan. Kabeh kue/jajanan didiskon paling nggak 50%. Begitu jam 09 bengi, langsung podho rebutan kue/jajanan. Persis koyok arek cilik.

Toko Nam taun 1976 (gambar teko twitter@sbytempodoeloe)

Nek dak eling-eling, selama pitung taun nang Suroboyo, awakku malah gurung pernah mlaku-mlaku nang Bonbin. Awakku pernah mlaku-mlaku nang Bonbin jaman jik sekolah SD biyen. Sak wise metu teko Suroboyo awakku malah wis ping telu mlaku-mlaku nang Bonbin. Terakhir taun 2012 wingi, pas ngeterne anakku sing cilik mlaku-mlaku. Anakku sing cilik gurung pernah lan gurung ngerti koyok opo Bonbin iku. Yo maklum ae nang Mataram gak ono Bonbin.

Kapan-kapan nek pas nang Suroboyo pingin mampir Monkasel. Gurung pernah mrono, soale waktu iku gurung ono. Skalian ngajak anak-anak ben eruh koyok opo njerone kapal selam iku. Pas taun 2012 gak sempat mampir soale wis entek prei-ne.

  • DBD

Nek pas musim DBD, Suroboyo langganan wabah DBD. Awakku pernah keno DBD taun 90. Awale didiagnosa tipes ambek dokter, jebule DBD. Waktu awakku digawa nang rumah sakit, awakku wis gak sadar. Tangi-tangi awakku wis nang bangsal perawatan. Dulur-dulur, konco, tonggo podho njenguk. Pak RT yo melok njenguk. Masio awakku arek kos-kosan tapi pak RT kenal apik ambek awakku. Soale nek dino Minggu awakku sering melok kerja bakti gawe mushola RT, melok acara pitulasan.

Awakku cuman seminggu opname nang RS. Selama opname atiku seneng, mangkane cepet waras. Loh, nang RS kok ati malah seneng? Soale dokter sing ngontrol ben dina mesthi ngajak asistene. Asistene iki dokter muda, arek kedokteran Unair teko Banjarmasin, rupane ayuu temen, kulite putih mulus, jenenge Lolita.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline