Kocap Kacarita jaman mbiyen ono nom-noman bagus anake mbok Rondo.
Umure wis cukup kok durung gelem golek sihsihan.
Bocah nom Bagus kuwi sejatine pangeran kang nyaru dadi wong ndeso. Urip srawung karo warga kampung merga karep nggoleki jodhone kang ilang pirang-pirang taun kepungkur.
Bocah bagus kuwi kawastanan Ande-ande Lumut iku sejatine pangeran seko kerajaan Kediri kang duweni asma Pangeran Kusumayuda.
Kabar yen ono wong lanang bagus arep nggolek jodho, banjur keprungu bocah-bocah prawan kang ana ing kampung kono.
Rada adoh parane seko kampunge Ande-ande Lumut, sak wijine keluarga kang anduweni anak papat kang aran Kleting Abang, Kleting Ijo, Kleting Biru, lan Kleting Kuning.
Bocah prawan papat cacahe iku kabeh ayu-ayu rupane, ananging bocah sing ragil ketok paling Ayu senajan sabendina gaweane ming neng pawon nglakoni panggawean.
Bocah telu mangkat karep ngunggah-unggahi Ande-ande lumut. Kleting Kuning ditinggal dewekan. Ananging simboke ngerti yen sejatine mung kleting Kuning sing digoleki karo Ande-ande lumut.
Mbakyune Kleting Kuning mangat disik, Kleting Kuning mangkat keri karo disangoni pusaka arupa kayu.
"Mengko nek ono yuyu kangkang sing ngadang dalanmu, thutuhuken nganggo kayu iki", mengkono pesen simboke.
Pancen bener apa sing diomongke simbok, karep tekan desane Ande-ande lumut kudu ngliwati kali gedhe sing dijaga Siluman Yuyu Kangkang. Yuyu kangkang njaluk syarat ngambung pipi siji-siji bocah wadon sing arep disebrangke.