Prastawa kang medeni iki dialami dening pasangan Mugiyono lan Mumun, sing saiki manggon ana ing Sidoarjo, Jawa Timur. Sarampunge SMA ing taun 1980-an, Mumun isih sempet nyambut gawe ana ing instansi swasta ing Kuningan, Jakarta. Nalikane nyambut gawe ana kana kuwi, dheweke kenal karo Mugiyono sing isih mambu kulawarga karo kancane.
Rong taun sawise pacaran, wong loro mutusake kanggo ngresmekake hubungane lan mbangun bale wisma bebarengan ing taun 1990. Mumun wis manteb marang pilihane diwengku dening Mugiyono, sing miturut dheweke wonge pangerten lan ngemong. Apa maneh Mugiyono uga wis nyambut gawe minangka pegawe negeri ing instansi angkatan laut ing Surabaya.
Sawise dadi manten, wong loro sekaliyan manggon ana ing rumah dhinas sing disedhiyakake dening kantore Mugiyono. Sak jan-jane wong loro rumangsa seneng, dene nembe omah-omah wis disedhiyani omah dhinas dening kantor. Mung sing ndadekake Mumun dadi kurang sreg, amarga omah sing are dipanggoni kuwi katon surem lan suwung. Kaya dene wis pirang-pirang taun ora nate diambah manungsa, pekarangane uga ora kopen, tanduran lan wit-witane padha ngrembuyung ora kopen. Kamangka ing pekarangane akeh tuwuh wit gedhang lan pelem sing marahi dadi nambah sereme kahanan omah kuwi.
Sabenere Mumun wis krasa ora kepenak ndelengi kahanan omah kuwi, nanging arep kandha marang bojono dheweke ora sranta. Ngelingi menawa bojone durung kuwawa menehi omah sing pakra kanggo wong loro.
Setaun sawise dadi manten, Mumun nglairake anak lanang kang diwenehi jeneng Danu Eko Juniarto. Sawise kelairane Eko, Mumun rumangsa suwasana tintrim saya ndadi ana ing omahe kuwi, apa maneh ana ing kamar paturon. Mumun sering weruh bayangan ula gedhe sajodho sing ngupengi amben wesi sing biyasa kanggo turu dheweke karo bojone. Menawa dicedhaki, bayangan ula kuwi enggal-enggal musna.
Sing ndadekake swasana tambah medeni lan aneh maneh sarta marahi githoke Mumun dadi mengkorog, saka ngisor amben asring krungu swara ula ngisis. Nanging bab iki ora dicaritakake Mumun marang bojone, senajan to dheweke yakin menawa suwara lan wedujudan ula kang nggegirisi iku nyata-nyata ana. Mumun wedi menawa bojone nganggep dheweke mung crita ngayawara lan halusinasi wae, amarga bojone dhewe ora nate crita bab kang padha marang dheweke.
Sing luwih aneh maneh, Eko mesthi rewel wae menawa ana ing kamar. Bayine Mumun kuwi mesthi sering nangis menawa bengi, apa maneh menawa bojone, Mugiyono nembe ora ana ing omah. Rupane anake Mumun kuwi ora kaya bayi-bayi liyane, rupane kaya dene tansah keweden. Eko ora bisa mesem babar pisan apa maneh nganti ngguyu, senajan to diajak dolanan utawa guyonan. Sing tambah mrihatinake maneh, saiki sering lara-laranen lan kuru kaya bayi sing kurang gizi nemen.
Sawijining dina, wektu kuwi Eko nembe umur limang wulan, dumadakan awake panas nemen kaya kena step. Mumun lan bojone age-age nggawa Eko menyang rumah sakit. Anehe bareng tekan rumah sakit, kok panase langsung suda dhewe. Sak wise diwenehi obat penurun panas, dhoktere mrenahake supaya Eko digawa mulih wae. Mugiyono dalah bojone ya kepeksa nuruti apa sing wis dingendikake dhokter wae.
Satekane ana ngomah, Eko enggal diturokake ada ing paturon bayi, sebelah amben paturon. Nanging ora suwe, dumadakan Eko enggal-enggal wae nangis mbengok, mripate mendelik mendhuwur, kaya-kaya meruhi babagan kang medeni banget. Mumun rumangsa bab iki dudu sabaene, nalurine minangka biyung ngandhani menawa bayine nembe ngalami lara sing abot nemen, nanging ora ngerti kuwi apa sababe.... Mumun enggal-enggal nggendhong Eko supaya enggal lerem. Nanging saiba kagete, nalikane digendhong dumadakan napase dadi pedhot-pedhot lan ora suwe tangise saya suda, banjur meneng.... bebarengan karo ilange sukmane Eko. Lunga, tilar donya, ninggalake wong tuwane kanggo selawase kanthi kahanan kang ngenesake.
Salungane Eko kanggo salawase ndadekake susah lan cuwane kanggo Mumun lan bojone minangka wong tuwa. Senajan mengkono, Mumun lan bojone ora duwe panyakra bawa ala mahanani sebab musababe kok Eko nganti tinggal donya kanthi nyalawadi kasebut. Mumun ora duwe rasa cubriya ngenani sabab-musabab matine anak kang banget ditresnani iku. Ora ana rasa cubriya babar pisan, menawa matine Eko amarga saka kawengisane sepasang ula siluman kang manggon ana ngisor ambene wong loro kuwi. Kanggone Mumun, matine Eko minangka pepesthen saka Gusti Allah. Dadi ora perlu ditangisi kanthi nemen kabeh wis dikersakake Gusti kang karya jagad gumelar iki.
Durung nganti rong taun sapaninggale Eko, Mumun nglairake maneh anake sing kapindho, bocahe nggantheng memper anake sing kapisan. Karo wong tuwane, bayi kuwi diwenehe jeneng Pratama Wijaya. Laire anak sing nomer loro iku bisa nggenteni rasa kuciwane wong tuwane amarga kelangan anak sing sepisan. Nanging Mumun lan bojone ora suwe anggone nngrasakake kabagyan iku, amarga ora suwe bayine iku uga lara-laranen, kaya dene apa sing kedadeyan marang bocah mbarepe almarhum sadurunge. Rupane tansah pucet lan keweden, awake uga kuru aking kaya bayi sing kurang gizi kae. Mung bedane, menawa Eko tilar donya ing sajrone umur limang wulan, Pratama ngalami tilar donya ing umur udakara ring taunan.