Lihat ke Halaman Asli

Kresno Aji

Linux & LaTeX Specialist

Amarga Adeg Omah Nang Dhuwur Kuburan

Diperbarui: 23 Juni 2015   21:53

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Sawise nabung sawetara suwene, wiwit sewu repis nganti seprene, wusanane Rudy kasil tuku lemah sacuwil ing wewengkon Berbah. Ora patiya amba, nanging cukup kanggo gawe omah lan plataran cilik.
Kanthi olehe nabung iku uga, Yanto nyicil tuku matrial bangunan kanggo nyepaki olehe mbangun omah. Nalikane wis kumpul kabeh, nembe olehe mbangun omah kuwi kawiwitan. Kuwi wae ora langsung dadi, nanging mbutuhake wektu kang ora sedhela. Dibutuhake wayah limang taun kanggo gawe omah kang dikarepake, senajan ta ya durung jangkep. sing wigati ora kudanan lan ora kepanasan luwih dhisik.
Senajan ta kaya mangkono, anak bojone Yanto dhewe wis rumangsa seneng urip ana kono. Saora-orane wis ora manggon nang mertuwa indah lan ora ngontrak maneh. Senajan ta mung sak anane nanging wis omah dhewe, arep ngapa wae bebas, ora ana sing ngaru biru. Yanto ngenggoni kamare ijen ana ngarep, cedhak ruwang tamu, dene bojo dalah anake manggon ana kamar sing sijine.
Nalika malem sepisanan manggon ana ing kamar iku, saking kesele olehe kerja mau awan nganti keturon ing kamar kono. Ning dumadakan, nembe wae keliyep dheweke ditekani wewujudan kayadene pawongan nganggo seragam perang kamardikan jaman biyen. Rambue gondrong, klambine kumel kanthi getih sing mili terus ing dhadane sebelah kiwa.
"Kowe wis nuroni omahku, yen kowe kepengin langgeng ana kene, aku pindhahen nang papan sing murwat!" ujare kanthi swara geter...
Yanto tangi glagepan, impen kasebut kaya dene nyata, githoke pating prinding, awake isih wel-welan pating dhredheg, kringete gobyos saranduning awake. Esuke, Yanto mangkat nyambut gawe kaya adat biyasane, dheweke ora crita sapa-sapa. Dianggep, impene mau bengi kaya dene impene olehe kekeselen lan anggone turu ora pener.
Ndelalah pas bengine, dheweke turu kok ya ditemoni maneh kanthi panjaluk sing padha.
"Aku njaluk papan sing murwat, yen ora kowe bakal tak ganggu terus!" ujare kanthi swara kang isih geter...
Sakawit, Yanto tetep isih nganggep impen-impenen wae, bareng nyandhak wengi kaping telu, dheweke wis ora betah. Wusanane Yanto crita marang bojone.
"Mok ditlesih to mas, lemah iki biyen kepriye riwayate, gek-gek iki biyen lemah tilas kuburan..." ujare bojone karo prengat-prengut.
Wusanane, tinimbang digrenengi bojone wae, Yanto nemoni tangga sebelah omah. Dheweke takon sisik-melik lemah duweke iku.
"Aku dhewe jan-jane ya ora kepenak mas, nalikane mas Yanto arep nuku lemah iki, aku arep ngandhani ora kepenak karo sing adol. Mengko tinimbang didarani arep ngalang-alangi wong adol lemah..." ujare tanggane iku.
"Sejatine, lemah persis sing panjenengan kanggo sare iku, biyen jare wong tuwaku nate kanggo ngubur pejuwang kang gugur lumawan tentara Landa mas.... Mbok menawa, jenate si pejuwang kuwi njaluk supaya tilas wadhage diruwat sing apik utawa dipindhahake ana pesareyan wae. Coba wae mas didhudhuk, mbok menawa isih ana tilas-tilas jisime si pejuwang iku. Sapa ngerti menawa wis dipindhah ana pesareyan dheweke ora ngganggu panjenengan maneh mas..." ujare tangga sing liyane nambahi
Kanggo ngawekane bab-bab kang ora becik, wusanane Yanto njaluk tulung tangga kiwa tengene kanggo ndhudhuk jogan kamare. Mbok menawa mengko tinemu jisime wong kang wis tilar donya apa liyane sing marahi kamare dadi angker. Nalika jogane didhudhuk udakara sak meteran, lha kok tinemu balung-balung, bareng didhudhuk maneh nganti rong meteran, jeul tinemu balung-balunge manungsa kang isih jangkep. Balung-balung lan tengkorak kasebut banjur diangkat, dilebokake krendha kanthi dibungkus mori kaya dene ngopeni wong tilar donya biyasa. Kanthi diacarani kaya dene nguntabake jisim wong sing nembe tilar donya, balung-balung lan tengkorak banjur dipendhem ana pasareyan umum. Wengine, Yanto nganakake slametan kanggo jisim sing nembe dipindhah kasebut. Kanthi pandonga, muga-muga sing duwe balung-balung lan jisim kasebut katrima ing ngarsane Pangeran, selaras karo tumindak lan lakune ana ndonya dhong isih urip biyen.
Sawise sakabehe ritual upacara rampung, jobin kamar uga wis rampung didandani, Yanto bali nuroni kamare maneh. Rumangsane Yanto wis ayem, ora bakal kedadeyan apa-apa maneh. Dumadakan, nalikane keliyep, Yanto ditekane maneh dening si pejuwang kuwi. Wujude padha karo wingi, mung bedane rupane luwih sumringah.
"Matur nuwun ya, aku wis dipanggonake ing papan sing murwat, aku uga ngaturake panuwun wis didongakake. Muga-muga apa sing wis mbok tindakake marang awakku bisa dadi amal kang becik kanggomu, kaparingan ganjaran saka Gusti Allah!" ujare si pejuwang maneh.
Sawise kedadeyan wengi kang pungkasan iku, Yanto ora nate maneh ditemoni dening si pejuwang kang wus gugur nglabuhi bangsa lan negara iki.
Cuthel
Sumber: Indospiritual




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline