Lihat ke Halaman Asli

Luqman hakim

Sebagai pelajar SMA

Semangat E Si Gendut

Diperbarui: 19 Agustus 2023   19:49

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Kenalno jenengku kuwi Muhammad Luqman Hakim, Nang kene aku biasa diceluk Luqman. Jaman biyen kuwi wektu kelas 3 SD aku kepingin banget dadi atlet amarga yen didelok kuwi mesti sangar, nanging awakku kuwi guedhe banget, mlayu ae aku kangelan. Tapi dasare aku iku seneng banget karo olahraga awal aku melbu SD aku wes tertarik karo Pencak Silat, nah teko iku aku latihan pencak silat terus. 

Wis 4 tahun aku meloki ekskul Pencak Silat kuwi nanging tetep wae ora bisa dadi atlet, selanjute Nang kelas 5 kuwi aku banjur pindah ekskul teko Pencak Silat nang Tenis Meja. Nang ekskul seng anyar Iki aku semangat nemen lan bungah banget amarga soko latihan 1 tahun iku aku katutan menyang lomba POR SD krungu ngunu kuwi atiku bungah banget. 

Aku banjur latihan giat gawe nyepakno kanggo lomba. Nah pas dino lomba kuwi aku wes unggul lan melbu 4 besar, gedhe harapan ku gawe menang tapi akhire yo tetep kalah, pancen mustahil latihan mung setahun bisa langsung menang. Teko pengalaman kono aku sedih amarga wes kelas 6 ora bisa melu ekskul maneh. 

Saiki aku wes ketrimo menyang SMP 8, nang sekolahan iki aku mulai tertarik karo seng jenenge OSIS banjur aku nggoleki informasine, akhire onok pembukaan OSIS anyar nah teko kono aku melok OSIS. Tes ben tahap wes tak lalui tapi aku ora kepingin melbu kandidat Ketua OSIS, nah dadakno aku ora nyongko yen aku duduk maneh ketrimo malahan dadi kandidat Ketua OSIS paling enom dewe teko seng liane. Atiku mung ndredek amarga aku isih bocah anyar ing sekolah iki. Sampek nang acara pemilihan umum akhire aku entuk suara paling akeh teko kandidat liyane, tapi berhubung aku isih bocah anyar ing taun iku jabatan e mung dipindah nang kakak kelasku liyane lan aku dadi wakil ketua OSIS. Selanjute Alhamdulillah ning taun ngarepe aku banjur kepilih maneh dadi Ketua OSIS. Nang masa jabatan ku kuwi aku wes noreh akeh prestasi nang organisasi OSIS iki. Aku nduweni inovasi seng nguntungno sekolah ku yoiku aku bisa nggerakake santunan utawa penggalangan dana sing aku bagikno saben bulan nang uwong sing mbutuhno nemen, teko kono kuwi sekolah ku iso bermanfaat gawe sekitar ku. Selain iku aku nduweni inovasi yen arek OSIS saben Minggu ngejaki arek arek seng ora sekolah mung diajari moco lan nulis, Alhamdulillah teko kunu kuwi aku lan konco koncoku bisa saling berbagi ilmu. Nang organisasi kene aku wes melu akeh acara nang Malang yoiku molai melok leader for future, Musrenbang Anak Nasional, lan kegiatan liyane OSIS se-Malang Raya. Disamping iku kelas wolu aku Yo Melu olahraga Anggar Nang Njobo sekolah.  

Aku melok Anggar mulai kelas 8 semester 1, pas iku onok pendaftaran atlit anggar, nah tekan kunu kuwi aku melok amarga aku kepengen banget nyilikno awakku seng guedhe banget iki. Saben dinone aku latihan ben sore mari mulih sekolah lan dino Sabtu. Aku rutin latihan amarga bener bener kepingin kuru. Ndek Anggar kuwi aku kenal karo akeh konco sing mesti podo" ngedukung aku supaya bisa Kuru, pertamane aku ora ono kepikiran gawe dadi atlet sing bisa ngolehi medali, nanging kabeh iku kewalik aku banjur dadi atlit seng bisa entuk medali. Dadi ceritone berawal teko aku ditawani lomba Karo pelatihku, terus aku ijin nang wong tuoku tekan kunu wong tuoku ndukung, nah tekan kunu iku match ke sijiku. Aku budhal semangat banget saka Malang amarga kebayang -- bayang aku entuk medali mulihh, nanging pas mulih dadakno aku iku kalah pancen ora rejeki pas iku. Tapi aku semangat lan ora mundur, aku banjur latian maneh lan terus njaluk restu marang wong tuo, pas iku aku arek paling cilik umure saka atlit liyane tapi semangat ku ora melu cilik tapi gedhe.  

Woro-woro gawe match selanjute akhire Sampek menyang kupingku, asline aku ndredeg amarga aku paling cilik nanging aku percoyo aku pasti iso. Tekan kunu iku semangat ku wes gedhe banget. Aku Yo termotivasi tekan tokoh-tokoh enom liyane lan mesti ora lali tekan wong tuoku dewe. Aku banjur Melu match iku, lah kok gak nyongko akhire aku biso sampek nang podium 3 besar lan Alhamdulillah e aku iso juara 3, teko kono aku tambah semangat sak teruse. Alhamdulillah e maneh aku wes sampek nang atlit Nasional amarga wes melu POPDA nganti saiki




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline