Sadranan utawa nyadran inggih mênika kagiatan keagamaan ingkang sampun dados tradisi wontên ing wulan Syakban (Ruwah). Tradisi Sadranan sampun umum dipun lampahakên masyarakat muslim.
Sêjarahipun sadranan: Jaman rumiyin sadranan dipun lampahi kangge pemujaan maring lêluhur uga nyuwun maring arwah lêluhur, amargi dipun pêrcaya mênawi arwah lêluhur ingkang sampun tilar donyo mênika taksih gêsang sarêng kita wontên ing alam donyo mênika. Upacara sadranan jaman rumiyin migunakake sêsajên. Sak sampunipun agama islam mlêbet lan para Wali ndadosakên upacara sadranan mênika kanthi cara alus, supados sami kaliyan ajaran Islam. Pemujaan lan panyuwunan maring lêluhur dipun robah dados dhonga maring gusti allah.
Resik Makam: ingkan dipun resiki inggih punika makam leluhur lan sêdulur para kadang. Dipun banjurakên kaliyan resik-resik desa (bersih desa).
Ndonga: ndonga maring Gusti allah kangge kêsêlamêtan kêrabat ingkang taksih gêsang lan ngirim donga kangge ketentraman arwah kêrabat ingkang sampun tilar donyo.
kêndurên: kêndurên punika biasa dipun arani ruwahan. Ingkang dipun undang umumipun kêrabat lan tangga-tangga desa.
Hakekat & Makna Sadranan
Hakêkat sadranan inggih punika kêsadaran manungsa maring perkara gêsang kaliyan tilar donyo. Ingkan sampun tilar donyo ngelairakên, ingkang taksih gêsang nyusul ingkang sampun sedo (Sangkan Paraning Dumadi). Sadranan uga ngandung makna inggih punika manungsa kêdah èling mênawi kita sêdaya bakal sedo. Dados manungsa wontên ing donyo kedah ngatos-atos.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H