Lihat ke Halaman Asli

Lina M

Wisteria

Nangis ning Ngarep Kaca Pengilon

Diperbarui: 9 Mei 2021   16:36

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Sumber gambar: pexels/Pixabay

Wengi sansaya wengi. Hawane atis. Wengi sansaya sepi. Dunya sing mau gemredek malih dadi sepi kaya ora ana sing wani weweh wicara. Kamangka sakjane aku iku ngarep-arep anane pitutur kanggo ati sing kelaran, ati sing lagi kuwur, jiwa sing garing, mripat sing ajeg ngembeng luh lan urip kaya-kaya ora nduweni dina mbesuk.

Nandi-nandi ati sing ajur iki tak gawa. Tak golekake tamba marang wong-wong sing dhuwur ngelmune. Ati sing ajur wuwur kaya lebu iku tak rungoni donga-donga sing apik, ceramah sing mentes. Ora lali jampi-jampi lan mantra saka wong sekti uga wis tak lakoni.

Apes, apes lan apese nasibku. Ati iki ora enggal nemu tambane. Larane sansaya perih, gawe jiwa ragaku katut keranta-ranta. Ibarate susuh tawon sing ditinggal minggat. Wis ora ana ajine, mung cengkorongan bolong ora ana isine. Yen kena angin gampang mabul, yen kena banyu gelis mawur.

Dina-dina kapungkur wis ora ketung. Aku ora mangerteni kapan olehku lekas kelaran, uga ora bisa ngira-ira kapan bisa ngrampungi. Atiku kadung tatu, hawane mutungan, pungakasane kabeh-kabeh kelakon pekok. Pancene urip sedhela nanging kakehan pengarep-arep marang manungsa sing kerep anggone ngapusi. Critane kaya aku, cidro ora enggal mari wis ditableg perkara sing gawe tatu maneh.

Sakjane kahanan iki kudu tak seleh ana ngendi? Ati, mripat, pikiran lan lathiku kabeh wis kadung nyandang telahan dhewe-dhewe sing kraket siji lan sijine.

Mripatku ora tau teles, panggah garing. Sumunar kaya srengenge esuk, bening kaya beling. Lambeku ajeg mesem, mrenges lan gumemanku mesti dadi guyon. Swara sing tak ukarakke ora nuduhake yen sakjane awakku ajur nganti ora nduweni wujud.

Anggonku ngrasakkake tatu, dhewean. Olehe nanggung kasunyatan lan pait getir e urip uga tak tampa dhewean. Prasasat ora nduweni sapa-sapa sing patut kanggo crita. Menawa nekat, lagi sethithik anggonku omong wis dipaido.

"Apa iya kowe isa ngono kuwi, Na?"

Lan aku mesem getir. Sidane kabeh-kabeh tak pendem dhewean maneh.

Aku iki uga manungsa kaya adate. Sing bisa ngrasakake tatu, kuciwa lan cidro. Guyu sing sero udu pinandha ora nduweni tangis. Gelis mesem udu pinandha ora bisa mrengut. Mripat bening uga ora ajeg, bisa netesake luh.

Nangis ya mung dhewean.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline