Lihat ke Halaman Asli

Lina M

Wisteria

Kakus Mampet

Diperbarui: 5 Agustus 2020   10:40

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Sumber gambar: galeri foto pribadi

"Dek, saking pundi kok namung piyambakan?" pitakone Mas Bayu. Kok ya ndadak mesem kang banget manise ngono lho. Maraakke aku ndredeg lan nganti olehku mlaku ora bisa jejeg.

"Saking pados kluban, Mas," saurku cekak.

Tujune tanganku kok ya pas nggegem gegodhongan, mboko kuwi sakjane ramban pakan wedhus. Aku wedi menawa Mas Bayu mangerteni saknyatane, aku dudu golek kluban ananging mari ngising ana ning ngisor dapuran pring merga kakus ning ngomah nembe mampet. Adhiku pancen ngeyel, wis bola-bali dikandhani kok panggah guwang pembalut ning kloset. Wis telung dina iki ngising ning dapuran pring amarga bapak lagi bali isuk iki saka Solo.

Olehku mlaku sansaya rikat, pengin cepet-cepet mlebu omah banjur ndelik ning kamar. Pokoke dina iki aku wegah nemoni Mas Bayu kang wis adoh-adoh mara saka Semarang.

"Kae Mas Bayu jarene arep ewang bapakmu negor wit pelem ngarep omah. Kana gek ndang digaweake unjukan."

Aku panggah meneng ning njero kamar. Ora let sue Ibu ndodog lawang.

"Mbok ora pekok ta, Din!" ngendikane Ibu luwih sero. "Wis gedhe kok malah kaya bocah cilik."

Aku metu seka kamar banjur lungguh ana ning dingklik pawon, nuli guneman, "Nek ngelak ben ngiras ngombe sumur kuwi, Bu."

Ibu gedheg-gedheg krungu gumenanku. Biasane menawa Mas Bayu dolan, aku mesti seneng banget sasate nganti kabeh panganan ana kulkas lan pawon arep tak suguhke kabeh. Ananging dina iki aku memeng kepara wegah nemoni, weruh wae wegah.

"Kowe kuwi ana perkara apa ta karo Mas Bayu? Wong biasane kowe grapyak, sumringah menawa piyantune mara rene kok saiki malih dadi nesu, Din. Ora becik ngono kuwi, Din." Ibu lungguh ning ngarepku. Namatake raiku kang peteng kawit ngerti Mas Bayu teka.

"Pokoke dina iki aku wegah nemoni Mas Bayu. Titik!" Aku nuli mlebu kamar karo ngatonake anggonku nduwe perkara kang ora bisa tak pratelaake marang Ibu.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline