Lihat ke Halaman Asli

Lestari Zulkarnain

Berusaha menjadi lebih baik di setiap moment dalam hidup.

Ngelih

Diperbarui: 26 November 2022   19:00

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Rasane ngorong nemen yakin, kas sing sawah. Tobat! Tobat! sawahe amba nemen, tuli lemahe atos. Madyang enak yakin. "Warni! Jukutna sega, cepet, nyong ngelih nemen!"

"Iya, Lik, nko ndisit," jare ponakanku, Warni. Lestari nangdi, sih, bojone kas balik sing sawah malah laka. "Ni, lilikmu nangdi?"

"Anu, Lik, lagi nang kamar dolanan hape."

"Astaghfirullahaladziim, pimen donge, bojo lagi kesel sing sawah malah enak-enakan dolanan hape. Karepe apa, sih! Ngomong Karo lilikmu mana, hapene di dol bae, rasah hape-hapenan marai keset. Nyong ngelih, nyong njaluk digawekna kopi, malah laka sing ngeladeni!" Warni tak ganyami endah ngomong karo bojone enyong. 

"Lik, bisane ngamuk ring enyong, sih!" jare Warni manyun. Raine abang. 

"Ben koen ngomong karo dekene." Pas enyong lagi ngganyami Warni, ana sing nepuk pundak. Enyong noleh njuk kaget. 

"Eh, Dik Lestari, hihi," jareku karo mringis. Asem tenan, daning bojoku ana nang mburiku Warni ora ngomong. Warni mung gemuyu, tok, awas!

"Kang! ngomong apa? Ngerti belih! Nyong dolanan hape karo nulis eben olih duit, ngerti? Sampeyan tak konkon macul nang sawah endah kerja, aja mung tura-turu, tok!" Aduh, asem tenan, aku diganyami Lestari nangarepe Warni, isin, nyong. 

---

Maaf, lagi mengasah kemampuan bahasa #ngapak




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline