Wektu zaman peperangan ing Wonosobo, akeh wong padha geger. Padha bingung krepriye cara nyelametke awake dhewe lan sekluarga. Yen wong-wong tetep manggon ana ing umah, nyawa bakal dadi taruhane. Sakliane kui, golek panganan ana ing jaman semono angel banget. Mula, warga ana ing kono luru carane suapaya bisa tetep urip lan bisa mangan.
Akhire, sawijining mbengi warga ana ing kono pindah menyang kebon gode. Kebon gode kui kebon ingkang akeh wit-witan gode ingkang duweni akeh kanggone. Wiji seka wit gode iku bisa dimasak dadi gantine sega jagung. Mula, wiji wit gode kui bisa dadi panganan ana ing jaman kui.
Saya suwi, wong-wong pada betah manggon ana ing kono. Amarga, uripe aman lan gampang nalika golek panganan. Akhire, wong-wong padha ninggal umahe lan mantep manggon ana ing kebon kui. Wong-wong ana ing kono padha golek cara kepriye carane gawe perkakas kayata arit, pacul, clurit lan sakliane ingkang bisa kanggo golek panganan ana ing kebon.
Saktekane rampung perang, kebon iki dhadi akeh omah lan wargane. Mula, kebon iki didadekna Desa marang warga ana ing kono. Jeneng desa iku yaiku Desa Pagude. Jeneng Pagude iku asal-usule seka kebiasaan masyarakat ana ing kono iku tukang pande atowo tukang gaweni perkakas lan desa tani wit gode. Mula, jeneng desa kui diarani Pagude yaiku seka pande lan gode ingkang digabung.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H