Lihat ke Halaman Asli

Lada Nahdliyah

Pengais barokah di PP Assalafi Miftahul Huda | SETIA Walisembilan Semarang

Naskah Pembawa Acara Apitan Sedekah Bumi Bahasa Kromo Desa Ginggangtani, Kecamatan Gubug

Diperbarui: 27 Juni 2022   07:44

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْم الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْن وَبِهِ نَسْتَعِيْن عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْن وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِالْمُرْسَلِيْن وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْن . أَمَّا بَعْدُ

Wonten ngarsanipun poro alim ulama, poro kiyai ingkang tansah kito toati lan kito mulyaaken khususipun almukarrom Romo KH. Ahmad Zainudin saking Grobogan, Romo KH. Ahya Daroini, Romo KH. Zuhri Wafa Al-Hafidh, Romo KH. Fahmi Aqwa Al-Hafidh, Romo KH. Zadun Naja Al-Hafidh, soho poro masyayekh ingkang mboten saget kawulo sebat setunggal-setunggalipun.

Wonten ngarsanipun poro sesepuh, pinisepuh, ajisepuh soho poro pepunden ingkang dahat kinabekten.

Dumateng bapak muspika kecamatan gubug ingkang kawulo hormati

Dumateng Bapak Kepala desa Ginggangtani Bapak H. Bambang Purnomo, SH serto pejabat pemerintah Desa Ginggangtani ingkang kawulo hormati.

Dumateng sedoyo tamu undangan, poro bapak lan poro ibu hadirin hadirot rokhimakumulloh.

Sak derengipun adicoro kelaksanan, sumonggo kito muji syukur dumateng ngarsanipun Alloh SWT. Awit kanti lantaran rohmat soho ni'matipun, kito sedoyo saget makempal wonten ing meniko panggenan kangge memperingati acoro Sedekah bumi atawi apitan warga desa Ginggangtani, wonten ing siang meniko kanthi kawontenan sehat wal'afiat.

Sholawat soho salam, mugi-mugi tansah dipun haturaken dumateng ngarsanipun Nabi Agung Muhammad SAW. Panjenenganipun ingkang ngasto soho maringi syafa'at wonten ing dinten qiyamat. Mugi-mugi kito sedoyo dados ummat ingkang angsal syafa'at benjang wonten ing dinten qiyamat. Aamiin

Hadirin-hadirot ingkang minulyo. Kepareng matur bilih wonten ing mriki kawulo kajibah minangkani pranotocoro. Awit gegayutan kalian wekdal sak antawis siang, pramilo bade kawulo waosaken reraci-ing adicoro ingkang badhe lumampah wonten ing siang meniko:

1.Adicoro ingkang ongko setunggal inggih meniko pembukaan

2.Adicoro ingkang ongko kalih waosan ayat-ayat suci Al qur'an

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline