UDHENG
Dening Ki Ali JN
Ora kinira sepira bungahe Rawud ketekan dhayoh kayadene Eyang Kanap imame mesjid, Pak Sanrakum sing cokan kotbah, Pak Guru Sunar sing diurmati kabeh wong seguthek, lan ora keri Man Ratim ertene. Sewise gupuh mapag dhayohe, ngreti aring kautaman, bojone Rawud gagiyan baen ngetokna suguh. Arane wong kesrakat, teyenge ya kur nyandhingi wedang kopi kendel. Mbari grapyak ngaturi kaki dhayoh, atine Rawud kebek pengira-ira iloken sing padha rawuh kuwe duwe karep sing kepriwe. Apa iloken prekara pilihan lurah?
Rampung bage-binage, dhayohe padha miwiti ngendika apa prelune. Man Ratim thok sing ora melu ngomong, kur andon glenggam-glenggem ngopi mbari udud.
Ngelus slendokan sorbane sing kaya Yasser Arafat, Eyang Kanap alon ngendika.
“Kaya kiye, Wud. Inyong kabeh teka ngeneh kuwe pancen ana prelune. Tek titeni wis seprana-seprene ko nggulih jemuahan koh ora gelem kuplukan kaya batire, malah nganggoni iket, udhengan. Ora lumrah temen enggane, kaya dhukun baen.”
Semune Pak Guru Sunar ora sabar aring alone Eyang Kanap, mulane dheweke nyambungi. Mripate mentheleng, kaya agi ngangken duka.
“Ora kur ora kuplukan nganggoni iket. Wong se-RT jemuahan nganggo baju koko, ko thok sing ora. Ora ngregani inyong apa kepriwe? Kaya ora ketrima temen enggane, ora gelem nganggo piwewehe inyong. Apa malah wis dedol barange? Semakeyan jane ko, yah.”
Dheg! Jebule! Rawud ora ngira angger dhayohe duwe prelu babagan kuwe. Pancen dheweke gunane iket-iketan nggulih jemuahan. Tur ngganggo sandangan biasa, ora baju kokoan. Neng pengrasane Rawud sing kaya kuwe ya dudu prekara sing nganeh-anehi, kadaran wong sekang liya RT ya umume padha bathikan ora baju kokoan.
Bada wingi pancen wong lanang se-RT padha dejujugi baju koko dening Gurune. Kabeh padha bungah senajan uga ngreti menawa piweweh kuwe dudu merga saking lomane kaki Guru aring tangga teparo. Gurune kuwe adhi ipene Pak Bau sing agep njago lurah. Umbrang-umbrenge ngakeh jere mesthine nden ana karepe. Jaman sekiye ngendi ana barang gratisan.