Lihat ke Halaman Asli

Janturan Negari Tirtakencana

Diperbarui: 25 Juni 2015   06:50

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia

Swuh rep data pitana.

Anenggih negari pundi ta punika kang kaeka adi dasa purwa. Eka wilangan siji, adi tegese linuwih, dasa wilangan sepuluh, purwa iku wiwitan. Senajan kathah titahing dewa ingkang kasongan ing akasa sinangga ing pratiwi, kaapit ing samudra kathah ingkang samya anggegana raras, nanging boten kadya negari Tirtakencana. Pantes kinarya bebukaning carita awit madosa negari satus boten pikantuk kekalih, sanadyan ta sewu boten jangkep sedasa.

Negari Tirtakencana senadyanta mboten wenang kasebut negari ingkang panjung punjung pasir wukir, nanging yekti wenang sinebat loh jinawi gemah aripah kerta tur raharja. Loh tulus ingkang sarwa tinandur, jinawi murah ingkang sarwa tinuku, gemah para kawula ingkang samya lumaku dagang siang pantaraning ratri datan ana pedote labet datan ana sangsayaning margi. Aripah para kawula ingkang samya dumunung ana ing sajeroning negari, saking kathahing wisma ngantos ketingal jejel apipit aben cukit tepung taritis, papan wiyar ngantos katingal rupek saking raharjaning negari. Kerta tebih saking parangmuka, ingon-ingon rajakaya kebo sapi yen siang samya agelar ing pangonan, yen sore samya bali nyang kandhange dhewe-dhewe. Raharja narakisma ing padusunan samya tentrem  anggonnya mangulah tetanen, awit negari Tirtakencana negara kang gedhe obore adoh kuncarane tur jembar kukubane.

Kuncarane negari Tirtakencana awit sagung kewula Tirtakencana anggenipun caturan mboten ngginaaken Basa Jawa Bandhekan ananging ngginaaken Basa Jawa Banyumasan ingkang kondhang kaonang-onang sinebat Basa Ngapak Banyumasan. Basa Jawa Banyumasan punika basa ingkang pangucapaning tembung ingkang mawa aksara “A” (carakan jawa: ꦀ ) inggih kaucapaken “A”, sanes “O” (ingkang panulisane wonten ing carakan jawa kedah ngangge: taling tarungꦺ ꦻ ). Kados tembung “sega”, “meja”, “lunga” inggih kaucapaken “sega”, “meja”, “lunga” sanes “sego”, “mejo”, “lungo” kados wontening Basa Jawa Bandhekan. Lajeng kenging punapa sinebat Basa Ngapak Banyumasan? Awit pangucapanipun aksara KA sing kepangkon (ꦄꦿ ) ing tutugane tembung-tembung ingkang mawa aksara KA pangkon (ꦄꦿ ) punika kapireng genah “K”-ne, mboten dieman-eman kaucapaken kur setengah “ek”. Tembung “bapak” mesthi kapireng “bapaK”, mboten kur kapireng “bapa’” kados pengucapan wontening Basa Jawa Bandhekan. Sanesipun, kathah tembung ingkang dados ciri khas kados tembung “inyong” (wontening bahasa indonesia: saya, aku), “rika” (kamu). Malah saking tembung “inyong” punika, kangge nyebat dhiri pribadi lan ingkang dipun anggep sedrajat, tiyang-tiyang negari Tirtakencana ngginaaken sebatan “wong penginyongan”.

Kawontenan Basa Ngapak Banyumasan ingkang kados niku-niku wau pancen dados alokipun jalma manungsa saknjawining rangkah ingkang mastani menawi Basa Ngapak Banyumasan punika basa ingkang gemradag kapireng mboten kepenak. Ewasemanten wong penginyongan tetep tresna lan inggih tetep ngginaaken Basa Ngapak Banyumasan punika awit nggadhahi rasa lan pangrasa menawi napa ingkang kaserat inggih napa ingkang kawaos, minangka tata lahiripun watek cablaka warisan saking kaki nini leluhuripun.

Rep sidhem premanem.[]




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline