Lihat ke Halaman Asli

[Cerkak Banyumasan] Tarjan

Diperbarui: 25 Juni 2015   09:46

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Wis suwe Tarjan nandang lara branta. Tresnane aring Siti seprene wutuh wujud angen-angen. Siti sing megin tunggal canggah kuwe semune ora nggople aring Tarjan. Saben dolan aring umahe Siti, bocahe ora tau gelem suwe-suwe nggulih nemoni dheweke. Nembeke baen jagongan sedhela, Siti mesthi laten menyat. Jere agep gosok, agep rawat latar, agep aring nggone batire. Ana baen alesane. Angger wis kaya kuwe mesthi bapane utawane biyunge Siti sing laten grapyak metu mbatiri Tarjan. Ora kepenak mbok katon jengkele, Tarjan teyenge kur kandhahan ngalor ngidul ngentongna rokok seler nyambi ngenteni mbokan Siti gelem nemoni maning.

Tarjan ngreti sing cokan aring nggone Siti ora kur dheweke thok. Ana liyane maning. Arane Dali, anake Pak Karsad bakul gedhang. Ana sing wadul jere Dali sering mampir angger agep mangkat utawane bali sekang kebon. Jere bocah loro cokan jagongan neng ngisor wit jambu air ngarep umahe Siti. Senajan ora patiya batiran merga pancen sejen grumbul, Tarjan ya jane wawuh karo Dali. Bocahe kena dearani bagus, kemranyak tur ya pinter kandhah. Sapa baen sing tau dopokan karo Dali mesthi betahe. Mbuh nutur sekang ngendi, mesthi teyeng baen gawe liyane ngguyu. Ora gumun angger Siti ya dadi betahe ngrungokna apa baen kandhahe Dali.

Debandingna Dali, Tarjan babarblas ora rumangsa kalah. Dali bagus, dheweke ya ora kacek. Dali anake bakul gedhang, dheweke malah PNS anyaran, Satpol PP. Nyambut gawene kantoran, sepatuan, seragaman, malah sempritan sing nglawer neng pundhake tolih ana ribawane. Sempritane angger moni teyeng gawe bakul-bakul kakilima gentar. Aja maning sempritane, katon kleyabe seragame baen kabeh wis pating pencinat balapan mlayu nylametna dagangane. Lewih-lewih penthungane. Ora kur kakilima thok sing wedi, tukang ngamen unggal lampu bangjo mesthi kamigilen angger dheweke wis nggegem penthungane.

Dedeleng sekang bibit bobot bebete, Tarjan genah ora gadhang kalah karo Dali. Turunane wong kopama iya, sawah kebon ya amba, tur Tarjan dadi PNS pisan. Ora bakal nemu urip rekasa pokoke. Ningen kenangapa Siti ora gelem nampa tresnane, abot milih Dali? Apa Siti kepengin gudrah getah gedhang? Tarjan gumun pisan, karo gela iya. Gela karo Siti, gela iya aring Dali.

Tau Tarjan adhep-adhepan nemoni Dali. Karepe Tarjan apik-apikan aten njaluk Dali ngedohi Siti, mawia nerusna sambung tresnane karo Siti. Tarjan wis nekad. Dali kudu gelem ngrungokna omonge. Manut ya sukur, ewadene budi ya desembadani. Bawane pada dene wong nom, kasengguh darah muda, rembug sing kawitane aris pog-pogane ya temenan nemu sulaya. Ora ana sing gelem ngalah. Angger ora depisah neng batir-batir wis mesthi dadi gelute.

Niyate Tarjan wurung, cabar. Dali megin ajeg nemoni Siti. Senajan kaya kuwe, senajan gelane mbuh sepira, dheweke ora teyeng ngelalena Siti. Bener prawan ayu neng desane ya pirang-pirang ora kur Siti, ningen neng atine Tarjan mung ana Siti. Siti, Siti, Siti. Tarjan kepengin duwe bojo Siti. Tarjan kedanan aring Siti.

***

Tarjan sewot. Mlebu ngumah ora salam lawange debanting. BRAGG!!! Nguculi jaket, sepatune sing cokan nggo ndupaki dagangan kakilima kuwe deunclangna sekeyenge, meh baen ngenani tivi sing agi turu. Kasute sing mambu baleng debandhemna aring sepatune. Penthungan ireng sing kaku mejeger degebugna aring meja. DHAR! Kaya urung lega, debaleni maning. DHAR! Gawe ngrajuge bapak ibune sing agi nyore neng njero.

"Ana apa kiye?! Ana apaaaa…?! Bocah bali-bali koh nggawa setan. Ngaget-ngageti wong tuwa. Sewot ana apa jane? Sing sabar sih magen. Ora patut enggane wong seragaman koh apapa sewot. Paaaaakkk..bapakeeee…kingeneh kiyeh! Tarjan kepriwe kiye. Deomongina magen!" Ibune sing gagian mburu ndrememel nyambi ngreok sepatu sekasute. Bapake sing agi edhot kenyah-kenyoh deceluki.

"Ana apa jane, sih? Eram temen enggane. Mlebu ngumah ora salam malah sewot jebrad-jebred. Masalah pegaweyan aja degawani bali. Jengkel neng kana-kana aja umah sing demungsuh. Demadan kemutan ko wong seragaman. Ora patut mbok tangga padha krungu. Kon nginum dhisit, Bu!" Bapake metu melu ngluruhi Tarjan.

Sewise nginum banyu putih Tarjan krasa madan rereb atine, laten cus udud. Kukuse desebulna aring ndhuwur, rosa pisan karo moni "Huuuffff..."

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline