Lihat ke Halaman Asli

[Cerkak Banyumasan] Sewise Grubugan

Diperbarui: 25 Juni 2015   20:04

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Urung baen sendhekala udane wis ora riwis maning, tambah gedhe. Gemrajage banyu sing anjlog sekang talang keprungu gedug njero, ngalahna swarane angin sing katon lerab-lerob neng pucuke wit klapa. Udan barat! Grubugane teka maning! Ratas sing nembe baen miwiti nggulih matur, katon ora jenjem nggulih njagong. Dheweke kemutan sing neng umah. Gendheng sing padha mlorod, lan bojone sing agi wetengan tua, dhewekan. "Kudu gagian bali!" batine Ratas prentah. Senajan durung olih tanggapan sekang sing duwe umah, sewise ambekan landhung, Ratas menyat pamitan.

"Pangapuntene nggih, Pak..kula wangsul krihin."

"Kaya kuwe? Iya, ya..Tas..Dengati-ati agi udan gedhe" Sing duwe umah nggulih semaur semune madan bombong mbareng dhayohe pamitan.

Sewise salaman Ratas gagian baen metu, ora salam acan. Sing duwe umah ya ora menyat nguntapna dhayohe gedug lawang. Njagong baen neng korsine dheweke mung nyawang wedang bening neng meja sing megin wutuh. Nglirik kleyabe Ratas sing mlayu ninggalna latare, dheweke mbatin, "Ora ngajeni temen kae bocah. Wis ping telu kiye aring ngeneh megin ora gelem nyambat Pak Kaji aring inyong. Mayanen tekane ya kur andon adol welas. Ujar-ujare, koh.."

***

Nerak udan gedhe, katon angger Ratas kemudu-kudu gagian butul ngumahe. Nyawang ngalor, langit sing meh sendhekala wis katon nggregemeng. Ngarah gagian butul dheweke sengaja milih nrabas liwat sawah jog tabet pesarean kuna sing manggon neng wetan desa. Sekang tabet kuwe aring umahe wis perek, sejigrangan. Ora idhep teles kejebes dheweke mlayu nggendring.  Sandhale capit decangking, sikile katon trampil nggulih jligrangan neng sendhuwure galengan. Wong sing weruh sekang kadohan bisa ngarani ana setan agi playon wayah sendhekala.

Sedawane mlayu pikirane Ratas nyanyah-munyah. Bojone sing agi wetengan tua mesthi agi trataban atine. Umah sekepel sing depanggoni kae pancen wis tuwa, umah warisan sekang bapa biyunge. Senajan saka-sakane megin kukuh, ningen tabag-tabage wis padha bolong. Neng mburi, empyeg-empyeg pedangane wis kudu decagaki. Brunjunge umah wis ora patiya jejeg. Kuwe baen ketambahan wis kelangan wuwungane merga kesamplok grubugan telung dina dhur winginane. Grubugan kuwe uga marakena akeh gendheng sing padha mlorod. Mesthi baen angger udan barat kaya kiye onana maning sing kena nggo aling-aling penglari seusuk renge. Marakena dadi gampang tepone. Mbangkanen umah kuwe umure lewih tuwa sekang Ratas. Bisa debayangena kayangapa susah kewatire Ratas.

Jane ora kur kahanane umah sing dadi pikirane Ratas. Ana maning sing lewih dekewatirna Ratas. Dudu sing ana neng umahe, ningen sing neng njaba umahe. Neng mburi umahe, sekulone empyeg-empyeg pedangane, ana wit besiar loro sing bulete wis ana karotengah meter. Dhuwure aja takon, malah neng tengah-tengah ya padha ana pagakane, rungkude godhong ora prelu decrita. Angger grubugane agi teka, besiar-besiar kuwe nggulih penthiar-penthiur jan medeni pisan. Mbangkanen Ratas ngreti angger besiar kuwe ganu-ganune anu cangkokan. Mbangkanen saben wong ya ngreti angger wit cangkokan kuwe ora duwe oyod sing manjlep jero mengisor. Ngadeg ngayer-ayer mung decagak oyod gedhe sing nyrambah ngiwa nengen. Soten apa oyod-oyod kuwe kuwung ngladheni kekuwatane grubugan sing katone seneng banget pamer rosa dolanan godhong neng pucuke wit-witan?

Sendhekala wis meh sempurna. Langit sing kebek dening udan kuwe wis ora patiya katon. Ratas wis gedug pinggire tabet pesarean kuna. Kringete sing mesthine mariwe-riwe ora katon buktine merga kesiram udan sedawane mlayu. Ambekane sing rebut rucun kuwe negtokna suwara hah..hah..hah... Dheweke njagong sedhela neng ndhuwur watu gedhe. Sengaja ngaso seperlu ngumpulna tenaga nggo manjat nrabas gumuke Kaji Dalhar. Neng walike gumuk kuwe umahe Ratas. Gumuk mereng ngidul sekulone tabet kuwe pancen duweke Kaji Dalhar, neng ndhuwur kana nyambung karo kebon besiare. Umahe Ratas persis batian kebon sisih wetan, persis neng ngisore wit besiar gedhe.

Sendhekala wis ilang. Langit sing katisen merga udan barat kuwe wis kemulan peteng. Apal dalan merga kulina, Ratas wis mipil manjat, madan mrangkang. Ratas ora wani mlayu manjat. Dudu merga ora duwe tenaga nggo mlayu, ningen lidhigan mereng kuwe ora bisa deplayoni, ndrawasi. Banyu sing ndleweri lemah bisa marakna kepleset, mbangkanen neng kana ngisor watu item pating jlugadhag. Debatiri udan barat sing semear-sear, Ratas mbrangkang. Setengah jam lewih nembeke gedug ndhuwur, kebon besiar sing rata. Ratas laten wani mlayu maning. Ora let suwe Ratas wis gedug sisih wetane kebon besiar. Mbareng gedug ngumahe, Ratas mandheg. Njubleg. Ngayeg-ayeg. Sambate, "Gusti Pangeraaaaaaaannnnnnnn!!!!" Ratas ambruk. Semaput.

***

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline