Lihat ke Halaman Asli

[Cerkak Banyumasan] Benahan Sing Nyalawadi

Diperbarui: 25 Juni 2015   21:51

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Wong se-RT gegoh. Ana werta jere Martono arep pegatan! Umah tangga sing katone ayem tentrem kuwe jebule bakal ora langgeng. Lanang wadon sing katone rukun kuwe arep pisahan. "Jane anu kepriwen sih iloken, yah?" pitakone wong-wong padha gumun.

Lumrah baen angger wong-wong padha gumun. Umah tanggane Martono angger desawang sekang njaba katon sarwa kecukupan. Warunge sing mau-maune cilik-cilikan neng ngarep umahe, merga modhale terus ketambahan sekang dhuwit kirimane sing wadon, sekiyene dadi warung sing gedhe lan akeh dodolane dhasare laris payu iya. Sing wadon ana sepuluh tahun ngode dadi TKW neng Malaysia. Kirimane dhuwit ya ora tau lat tur ya kanjat sisan. Neng Martono deenggo nggedhekena warunge. Ora ana seperak-peraka sing nggo abrul-abrulan neng Martono. Aring tanggane Martono cokan kandhah, "Ya nggo bukti aring bojo mengko angger wis bali. Kon weruh angger kasile ngode kuwe ana buktine neng ngumah."

Sekiye setahun sewise Maryati, arane bojone Martono, kumpul maning karo bojone malah jere arep pegatan. Mesthi baen akeh sing padha ora ngira. "Dunya ana, malah kena darani turah-turah. Apa iloken merga tekan seprene urung duwe anak, yah?" kaya kuwe wong-wong padha krisikan.

Pancen umah tanggane Martono kaya ana sing kurang. Brayan urip karo Maryati wis olih limolas tahun seprene urung deparingi momongan. Jane ya ora kurang-kurang wong loro kuwe nggulih mersudi nggolet sarana. Priksan aring dokter spesialis ya wis tau. Ngendikane dokter jere Maryati ya sehat tur ya subur, "Tidak ada masalah." Njaluk tulung aring wong pinter ya wis bola-bali. Piwarah-piwarahe ya wis delakoni. Ningen seperene durung kesembadan ana kasile.

Senajana kaya kuwe, Martono ora suda rasa tresnane aring bojone. "Ya ora papa, lah. Mbok menawa pancen wis kersane Gusti Allah ora maringi anak. Ora tek gawa nlangsa apamaning kuciwa. Sing penting inyong maju tuwa ya kudu lewih gedhe sukure wis deparingi dalan rejeki sing cukup kaya kiye. Inyong wis banget bungahe duwe bojo sing senajan teyeng ngode sing kasile gedhe, ningen megin kemutan tur gelem bhekti aring wong lanang." kaya kuwe kandhahe Martono aring wong-wong mamerna apike Maryati bojone.

Gelise wong kandhah, umah tanggane Martono kuwe katon ayem tentrem ora ana kurange. Ora tau krungu jere agi padha reyang padu. Sing lanang ya lumrah tur banget tresnane aring bojo, sing wadon ya katone ngreti aring kewajiban aring wong lanang. Mulane kabeh padha gumun mbareng keprunge jere Martono arep pegatan karo bojone. Ora ana sing bisa ngira-ira apa jane sing dadi gara-gara. Wong se-RT mung teyeng gegoh ngandhahna plekara kuwe.

***

Setahun wingi pas Maryati bali, Martono aruh-aruh kon orahan lungan maning, neng umah baen. Sewise delirih-lirih, sidane Maryati ora mangkat maning aring Malaysia. Martono sing banget bungahe teyeng kelon saben dinane, cokan keceplosan omong angger agi kandhah karo tanggane. "Lah, ya kon ngaso lah. Wis suwe ikih nggulih dadi TKW. Inyong ya kepengin nyanding bojo. Kaya kae nana ya nden eman-eman ayune, mbok?" kaya kuwe busanu nggulih mamerna angger bojone kuwe ayu. Pancen Maryati ya klebune wong wadon ayu tura ya pinter dandan. Dadi ya patut baen angger Martono cokan pamer ayune sing wadon.

Bebasan ora ana kukus angger ora ana geni. Semana uga umah tanggane Martono. Awit bali sekang Malaysia, jane Martono nduweni rasa gumun lan penasaran aring bojone. Jane sepele. Mung plekara benahan sing dedelah neng ngisor kasur. Barange wujud jagung telung blinthi sing debungkus duwit seringgit Malaysia selembar. Ketemune ya ora sengaja pas arep meme kasur. Maryati sing detakoni mung semaur, "Genah kuwe tolih jagung telung blithi. Tek buntel duwit soten kon kira aja kepicat. Pancen sengaja tek benahi. Mung kenangapa tek benahi ya rika mawia takon. Anggep baen kuwe rahasiane inyong."

"Rahasia sing keprimen kuwe? Aring wong lanang koh maen rahasia barang" Martono penasaran.

"Ya rahasia, lah pokoke. Wis aja takon-takon maning. Kader anu barang kaya kuwe ikih." Maryati tetep ora gelem waleh rahasiane. Malah lunga nunggoni warung.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline