Lihat ke Halaman Asli

[Cerkak Banyumasan] Darpun Kewaregen

Diperbarui: 25 Juni 2015   22:04

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Darpun antob. "Hooiiigh..." Onine genah ngetarani deweke wis kewaregen. Atine bungah sekeliwat. Ing atase wong dudu sanak dudu kadang koh deampirna kon andon madhang. Mbangkanen sandingane ya ora baen-baen. Sayure tah ya kur jangan lengki, ningen lawuhe ana iwak ayam, ana pete, mendowan sepiring, ora keri sambel trasi. Darpun sing mung tukang rongsok genah ora nibani sewulan sepisan teyeng madhang sing kaya kuwe lawuhe. Mulane sewise antob, gagian deweke matur aring sing kagungan dalem.

"Aduh, pangapuntene niki, Pak..kula malah kewaregen sanget niki. Jan, maturnuwun sanget niki kula mpun disukani maem."

Pak Sandhur sing duwe umah katon seneng krungu ature Darpun.

"Iya, pada-pada. Sapa miki ko arane? O.., Darpun yah? Ya sukur angger ko wis wareg. Sekiye ayuh pada jagongan ngkana neng teras. Nyambi udud. Tes madhang tolih kepenake degawa udud. Kambi ngopi."

Batine Darpun gumun pisan. Apik temen kiye wong, malah egin tawa udud karo ngopi.

"Maturnuwun, Pak. Ampun dados repot lah" semaure senajan deweke ya menyat ngetutna sing duwe umah njujug aring teras.

"Ora papa..ora repot ora. Kae agi degawekena"

Sidane temenan. Neng teras Darpun deulungi rokok sing ana gabese. Deweke sing biasane kur teyeng nunut nglinthing aring tanggane ya banget senenge udud rokok gabesan cap ratu..ra tuku mangsude. Nembe baen cusss nyumed rokok, kopine teka. Darpun atine tambah bungah. Sejeroning batin deweke nyuwara, "Pokoke angger arep deprentah kon ngapa baen ya tek tutburi lah. Nggo males kebecikan."

Nembe baen cusss nyumed rokok, kopine teka. Ireng panas ngebul katon seger pisan. Kambi ngenteni kopine meneb, wong loro pada udud nglepus sinambi kandhah ngalor ngidul ndlepus pisan. Darpun sing rumangsane kaya agi demulyakena dina kuwe, nggulih ngladheni ngendikane Pak Sandhur ya dejaga temenan omong-seomonge. Seteyeng-teyenge ya detata nganggo basa.

Rokok seler gari tegesan, kopine wis katon meneb. Pak Sandhur nyruput ndisiti sambi nawani Darpun.

"Ayuh, kopine wis ora patiya panas kiye koh..kiye njikot maning nyah..wis ora papa, tenang baen..anu ora saben dina ikih."

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline