Lihat ke Halaman Asli

Nyi Ismayawati

Urip sakmadya

[Geguritan] Sandya Kala Pinggiring Wana

Diperbarui: 12 November 2020   21:04

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Senja di tepi hutan. Dokpri

Bang bang cahya semburat sisih kulon ing dhuwure wana.

Sang Betara Kala lungguh sila arep nguntal Sang Bagaskara sing mlaku rindhik kaya wedi marang durjana.

Srengenge angslup anyebarake cahya jingga sandya kala wis teka nyirnakake wayah rina.

Sepi sansaya mamring swasana ing pinggir wana tanpa jalma manungsa sing wis padha bali ngupaya upa.

Ing padepokan sanggar pamujan kabeh padha lungguh sendheku ngadhep Dewa Jawata dalah Betara Ismaya, atur paring suka apa kang wis dirumpaka.

Sajen kembang telung warna katuraken Ibu Pertiwi  kang paring boga sandang pangan murakabi.

Japa mantra paring Bapa Angkasa kang tansah angrungkebi bumi.

Sembah sujud atur dedonga japa mantra tulak bala adohake bilahi cilaka lan kudu tansah cegah dhahar nendra nutupi babagan hawa sanga.

Betara Ismaya. Foto sendiri.

Bahasa Indonesia. 

Kala Senja di Tepi Hutan

Semburat cahaya jingga kemerahan di sisi barat di atas hutan belantara.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline