Lihat ke Halaman Asli

Nyi Ismayawati

Urip sakmadya

[Geguritan] Gerimis

Diperbarui: 11 November 2020   12:40

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Foto sendiri.

Gumandhul mendhung ing angkasa saidering ereng-ereng redi Meru.

Adhem njekut ngilangake sumelet srengenge dina wingi.

Ora nyangka ora ngira semiliring angin ngetan ngulon sansaya marai surem.

Tletik kerep udan grimis ngandhani aku kudu ngeyub ing gubuk ngurubake kayu kanggo api-api sinambi mbakar jagung.

Mung kuwi sing bisa ditandangi ing pinggiring wana.

Nanging luwih becik tinimbang nyekukrus kadhemen ing emperan toko nalika kudanan ing kutha.

Ati keranta-ranta tanpa kanca.

Beda ing pinggir wana sing kuwatir ana sima teka.

Foto sendiri.

Bahasa Indonesia

Mendung menggantung di langit lereng Gunung Semeru.

Dingin mencekam mengusir terik mentari hari kemarin.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline