Lihat ke Halaman Asli

khumaediimam

Teruslah menebar kebaikan, karena kebaikan yang mana yang diridhai, tiada kita tahu

Puasa: Enteng Modale, Abot Nglakonine

Diperbarui: 24 Maret 2023   12:46

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Kultum Ramadhan oleh Ustadz Imam Chumedi. Dokpri.

Wis dadi kewajibane enyong-sampeyan kabeh, yakuwe ibadah, mbakti Maring Gusti Allah Ta'ala. Ora wong wadon-ora wong lanang, cilik-gede, tua-enom, sugih-mlarat,  pada-pada nduweni kewajiban ibadah maring Sing Maha Kuasa. Salah sijine kewajiban sing lagi pada dilakoni wong muslim sa jagat dunya, ora liya, puasa ning sa jerone wulan suci Ramadhan.

Dalile wis ana neng Al-Qur'an surat Al-Baqoroh: 183. "Hai wong sing pada iman kabeh, wis diwajibaken puasa maring sampeyan kabeh, kaya diwajibakene puasa maring umat sing uwis-uwis, eben sampeyan kabeh dadi wong sing taqwa".

Neng ayat kuwe, Gusti Allah ngaru-ngaru wong sing pada puasa kanggone maring wong sing bener-bener nduweni iman sing kandel. Neng kene bisa dicermati, bahwa salugune puasa kuwe ibadah sing ora enteng, alias abot. Sebab sing nggo gawe ukuran alias timbangane, yakuwe imane uwong. Dudu soal panas ademe jagat.

Nyatane, ana uwong sing puasa karo tetep nyambut gawene panas perih tengahe sawah, segara, tapi tetep njaga puasane. Alhamdulillah bisa tutug rampung sampe wayahe buka. Sebab imane wong kuwe kuwat, ora kegoda kiwa tengen, apa maning mung sekedar pentere srengenge sing semelet neng awak. Sa walike ana wong sing uplek udeng mung njero umah, neng kantoran, tur acce nan, tapi dasare imane tipis, ya jebol, tutug ora puasa. Ora idep isin.

Nang kene dewek bisa ngarani, puasa kuwe sa lugune enteng modale, tapi abot nglakonine. Enteng modale, karena salugune modale mung niat (nawaitu shouma ghodin an ada'i fardi syahri romadhona hadihissanati fardol lillahi Ta'ala). Lah, sing abot kuwe malah nglakonine. Karna puasa kuwe ora cuma nahan mangan, nginung, karo udud tok. Tapi uga nahan saka pirang-pirang sing ndadekna pahala puasane rusak, contone kaya: ora ngrasani, ora ngomongi tanggane, ora ngomong jorok, ora adu-adu, apa maning ndeleng sing ora-ora. Nang kene kyeh, sing abot lurr.

Tapi puasa diarani enteng modale, rupane ana sing protes. "Angger wulan puasa, modale belih tambah akeh tadz? kuwe sih, sing nggo buka, lawuhe pirang-pirang sameja. Durung ana tuku es, karo koleke, durung nggo njajane?" jare Yu Eni.

Ya tak jawab. "Yu, modale puasa kuwe sa lugune niat sing mantep, angger soal nggo buka pengin ini dan itu, kuwe tah kari-kari enyong sampeyane bae o, nyatane buka puasa mung nganggo wedang manis, mangan lawuh tempe sambel trasi ya wis sedep ka. Pada warege. Tergantung, royal orane".

Mugane, mumpung esih awal-awal puasa. Ayuh pada dedongane, muga-muga, enyong sampeyan kabeh dimein kewarasan, enteng nglakoni puasane, tutug pragat sa rampunge, dadi wong sing taqwa, ora nggajog ning mburine. Amiin.

*) Imam Chumedi, Kompasianer Brebes Jawa Tengah.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline