Lihat ke Halaman Asli

khumaediimam

Teruslah menebar kebaikan, karena kebaikan yang mana yang diridhai, tiada kita tahu

Puisi | Neng Masjid

Diperbarui: 11 April 2020   22:48

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

dokpri

Neng masjid enyong kroangan. Neng masjid enyong ngajak ibadah karo paseduluran. Neng masjid nyong ngenteni tekane wong sing pada iman. Neng masjid enyong ngejak pada madep maring Pangeran.

Watek sing gagahan, sok kemayu, sok gemagah, petingtang-petingting, pedigdag-pedigdid, petakilan, sementara tak uculna. Kanggo sedelat temungkul-sujud kanthi sempurna. Myembah maring Dzat Kang Maha Kuasa.

Sung yakin, ana krasa isin, isin sing mbangkana-kana. Isin sebab rumangsa akeh dosa. Dosa sing nggedibel ora ketulungan. Ndeya, yen dietung dosane menungsa, bisa anjog sa ha ha ha ha....

Neng mesjid. Enyong nepung karo para sedulur, sedulur se-agama sing pada luhur. Bareng rubuh-rubuh gedang kanggo sembahyang, bareng semaur, gede-cilik, tua-enom, ireng putih laka bedane, pada bae.

Neng mesjid. Neng kene tempat sing ayem. Tempat nggo ngadem, saka rupeke pikiran sing macem-macem. Neng kene malaikat pan mbiji, mbiji ibadah sing bakale ditimbange nomer siji.

Imam Chumedi, KBC-028




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline